KHUTBAH I
اَلْـحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ جَعَلَ فِيْ كُلِّ زَمَانٍ آيَةً لِعِبَادِهِ وَذِكْرٰى لِلْمُتَّقِيْنَ، أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ شَهَادَةً تُوَصِّلُنَا إِلىَ جَنَّاتِ النَّعِيْمِ، وَتَكُوْنُ سَبَبًا لِلنَّظْرِ إِلَى وَجْهِهِ الْكَرِيْمِ. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا وَنَبِيَّنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ السَّيِّدُ السَّنَدُ الْعَظِيْمُ، اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أُوْلِى الْفَضْلِ الْجَسِيْمِ.
أَمَّا بَعْدُ: فَيَا عِبَادَ الْكَرِيْمِ، فَإِنِّي أُوْصِيكُمْ بِتَقْوَى اللَّهِ الْحَكِيْمِ، الْقَائِلِ فِي كِتَابِهِ الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ: وَمَن يَتَّقِ ٱللَّهَ يَجْعَل لَّهُۥ مَخْرَجًۭا وَيَرْزُقْهُ مِنْ حَيْثُ لَا يَحْتَسِبُ ۚ
Jamaah Jum’at rahimakumullah,
Sumangga kita tansah ngluhuraké takwa dhateng Gusti Allah, kanthi nindaaken sedaya dhawuh-Nipun lan nebihi sedaya larangan-Nipun.
Amargi takwa punika bekal ingkang paling utami tumrap lelampahan gesang ing donya saha wangsul kita ing akhirat.
Jamaah Jum’at ingkang kinurmatan…
Wonten ing dinten jum’at ingkang penuh berkah punika, ing wekdal pungkasaning wulan Muharram punika, sumangga kita sinau bab tawakkal saking Nabi Musa alaihissalam saha umatipun.
Wulan Muharram punika kalebet salah satunggaling wulan ingkang dimulyakaké wonten ing agami Islam. Ing wulan punika, kadadosan peristiwa agung ing sajarahipun para nabi, ing antawisipun inggih punika dipun-selametaken Nabi Musa ‘alaihissalam saha kaumipun saking kejaranipun Fir’aun, ingkang kerem kaliyan bala tentaranipun ing Laut Merah.
Peristiwa agung punika kadadosan ing tanggal 10 Muharram, ingkang kita kenal kanthi sebutan dinten ‘Asyura. Allah ﷻ ngendika wonten ing al-Qur’an:
فَأَوْحَيْنَا إِلَىٰ مُوسَىٰ أَنِ اضْرِب بِّعَصَاكَ الْبَحْرَ ۖ فَانفَلَقَ فَكَانَ كُلُّ فِرْقٍۢ كَٱلطَّوْدِ ٱلْعَظِيمِ
“Banjur Ingsun (Allah) maringi wahyu marang Musa: ‘Gepuk’o laut kuwi nganggo tongkatmu.’ Mulané laut kuwi pecah dadi loro lan saben sisih kaya gunung kang gedhe.” (QS. Asy-Syu’ara: 63)
Cobi kita bayangaken, ing ngajenge Nabi Musa wonten segoro, dene ing wingking wonten prajurit Fir’aun kang sampurna nganggo gaman lan jaran perang. Nalika kahanan sempit punika, kaumipun Nabi Musa lajeng bingung lan ngendika:
إِنَّا لَمُدْرَكُونَ
“Kita mesthi bakal kecekel!”
Ananging Nabi Musa ngendika kanthi tentrem lan tawakkal:
قَالَ كَلَّآ ۖ إِنَّ مَعِىَ رَبِّى سَيَهْدِينِ
“Ora! Satemene Gusti Allah ana bebarengan karo aku, lan Pengeranku bakal maringi pitulung marang aku.” (QS. Asy-Syu’ara: 62)
Jamaah ingkang dipun berkahi Allah…
Mekaten punika puncakipun tawakkal. Nalika sedaya dalan sampun ketutup, Nabi Musa tetep gumantung dhateng Allah. Lan nyata, pitulungan Allah rawuh kanthi cara ingkang luar biasa. Segara kawelah, Nabi Musa lan umatipun slamet, déné Fir’aun kérem.
Cerita punika boten namung sajarah, nanging piwulang gesang kangge kita saben dinten. Kita kathah ingkang ngadhepi kesulitan: krisis ekonomi, utangipun katah, pados pendamelan angel, rega kabutuhan pokok mundhak, lan kaséhatan terganggu.
Ananging Allah maringi pepeling dhateng kita:
وَمَن يَتَّقِ ٱللَّهَ يَجْعَل لَّهُۥ مَخْرَجًۭا وَيَرْزُقْهُ مِنْ حَيْثُ لَا يَحْتَسِبُ ۚ
“Sapa waé sing padha wedi marang Allah, mesthi bakal diparingi dalan metu saka kesulitan, lan diparingi rejeki saka arah sing ora dikira-kira.” (QS. At-Thalaq: 2-3)
Tawakkal punika dudu pasrah tanpa usaha. Nabi Musa mboten namung mendel mawon, piyambakipun tetep tumindak, ndhèrèk dhawuh Allah lan mimpin umatipun.
Mila, kita ugi kedah usaha kanthi maksimal, dene asil pungkasanipun kita pasrahna dhateng Gusti Allah ﷻ.
Nabi Muhammad ﷺ ngendika:
لَوْ أَنَّكُمْ تَتَوَكَّلُوْنَ عَلَى اللهِ حَقَّ تَوَكُّلِهِ، لَرُزِقْتُمْ كَمَا يُرْزَقُ الطَّيْرُ، تَغْدُوْ خِمَاصًا، وَتَرُوْحُ بِطَانًا
“Manawa siro padha tawakkal marang Allah kanthi sebenere tawakkal, mesthi bakal diparingi rejeki kaya manuk, esuk lunga weteng kosong, lan mulih sore wetengé wis wareg.” (HR. Tirmidzi)
Ma’asyiral Muslimin…
Sabda Nabi Muhammad ﷺ punika cetha sanget, kita dipun ajari kanggé sinau tawakkal, masrahaken sedaya urusan dhateng Gusti Allah kados dene manuk.
Katah tuladha nyata ing sakiter kita. Wonten pedagang alit ingkang tetep jujur sanadyan penghasilan boten mesthi. Nanging tetep yakin menawi Allah ingkang maringi cukup.
Wonten buruh harian ingkang tetep sabar lan rajin, amarga yakin Allah boten bakal nyia-nyiakaké kawula ingkang tawakkal.
Sampun ngantos justru kita malah tumindak sewangsulipun. Amargi dagangan sepi, penggawean angel, masalah ekonomi numpuk, lajeng lali tawakkal lan malah pados cara ingkang boten halal. Akhiripun, dagang boten jujur, ndamel dukun, pados pesugihan, lan sapiturutipun.
Menika sedaya boten ngatasi masalah, malah nambah beban gesang ing donya saha akhirat. Naudzubillahi min dzalik.
Hadirin Rahimakumullah…
Mila sadereng wulan Muharram estu-estu ninggalaken kita, sumangga kita isi kanthi semangat hijrah saking putus asa dados pangarep-arep, saking nggrundel dados donga lan usaha. Kita tiru kisahipun Nabi Musa dados inspirasi. Supados kita tetep mantep lan yakin dhateng pitulungan Gusti Allah ﷻ.
بَارَكَ اللّٰهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الذِّكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ، فَاعْتَبِرُوْا يَآ أُوْلِى اْلأَلْبَابِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ
KHUTBAH II
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللّٰهُ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنْ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لَا نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ المُجَاهِدِيْنَ الطَّاهِرِيْنَ.
أَمَّا بَعْدُ، فَيَا آيُّهَا الحَاضِرُوْنَ، أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللّٰهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ، وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى.
فَقَدْ قَالَ اللّٰهُ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ أَعُوْذُ بِاللّٰهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ، بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ: وَالْعَصْرِ. إِنَّ الْإِنْسَانَ لَفِي خُسْرٍ. إِلَّا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْر
إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا. اللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، فِى الْعَالَمِينَ إِنَّكَ حَمِيدٌ
اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ. اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ.
رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَاإنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ
عِبَادَ اللّٰهِ، إِنَّ اللّٰهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتاءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ، وَاذْكُرُوا اللّٰهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللّٰهِ أَكْبَرْ
Silahkan bergabung dengan kami di Grup Telegram, Wa, atau Facebook untuk mendapatkan materi terbaru dari KHUTBAHSINGKAT.com Klik GABUNG SEKARANG