Materi Khutbah Jumat Singkat Terbaru: Ketika Alam Mengingatkan Kita (B. Jawa)

Ilustrasi AI
Ilustrasi AI

KHUTBAH JUMAT I

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِي خَلَقَ الْأَرْضَ وَزَيَّنَهَا، وَأَجْرَى فِي آيَاتِهِ بُرْهَانًا يَدُلُّنَا عَلَى حُسْنِ عِمَارَتِهَا، وَبَسَطَ لِعِبَادِهِ نِعَمًا تُذَكِّرُهُمْ بِوَاجِبِ رِعَايَتِهَا، وَأَظْهَرَ لَنَا عِبَرًا فِي الْأَفَاقِ لِنَحْفَظَ مَا اسْتُخْلِفْنَا عَلَيْهَا. وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ ، وَارْضَ اللّٰهُمَّ عَنْ آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ، أَمَّا بَعْدُ.

فَيَا أَيُّهَا الْمُسْلِمُونَ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللّٰهِ تَعَالَى، وَ قَدْ قَالَ: يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اتَّقُوا اللّٰهَ وَكُوْنُوْا مَعَ الصّٰدِقِيْنَ

Bacaan Lainnya

Jamaah kaum muslimin ingkang dipunrahmati déning Allah,

Sakabehing puji tansah kita aturaken dhumateng ngarsanipun Allah Swt., Gusti ingkang tansah paring rahmat lan kanugrahan dhumateng kita sedaya.

Awit saking idinipun, kita taksih saged ngraosaken hawa seger saben dinten, kaparingan kekiyatan kanggé makarya, saha rezeki kang dados panyokong gesang kita sakeluarga. Sedaya punika kalebet nikmat ingkang cedhak sanget, nanging asring kita kelalen ngaturaken syukur.

Shalawat saha salam mugi tansah kapunjeraken dhumateng Kanjeng Nabi Muhammad Saw., panutan agung ingkang nuntun umatipun dhumateng gesang ingkang kebak kabecikan, ketentreman, lan berkah.
Mugi rahmatipun Allah tansah kasebar dhumateng panjenenganipun, kulawarga, para sahabat, lan umat Islam sedaya ingkang saestu ngudi niru jejakipun wonten ing babagan ketaatan lan kepedulian.

Nerusaken rasa syukur lan panutan punika, khatib ngajak dhiri pribadi saha jamaah sedaya kanggé tansah nguwataken ketakwaan dhumateng Allah Swt.

Caranipun inggih punika kanthi ngelampahi sedaya dhawuhipun, ngadohi sedoyo laranganipun, saha tetep manut ing dalan kebenaran bebarengan kaliyan tiyang-tiyang ingkang tansah njagi kabecikan.

Kados pundi ingkang sampun kacethak wonten ing QS. At-Taubah ayat 119:

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اتَّقُوا اللّٰهَ وَكُوْنُوْا مَعَ الصّٰدِقِيْنَ

Artosipun: “Wahai wong-wong seng padha iman, padha wedia marang Allah lan tetepa bebarengan karo wong-wong sing bener!”

Jamaah kaum muslimin ingkang dipunrahmati déning Allah,

Manawi kita nyawang kahanan alam ing wekdal pungkasan punika, owah-owahan iklim saya gumathok wonten ing gesang saben dinten. Udan asring tumeka kanthi dumadakan lan marakaken banjir ing pirang-pirang papan.

Kosok baline, mangsa ketiga asring luwih dangu, saéngga lemah dados garing lan retak.

Sanadyan mekaten, hawa saya panas lan ndadosaken aktivitas saben dinten saya abot.

Owah-owahan punika nyatakaken bilih keseimbangan ekosistem sampun wiwit keganggu, lan alam kados-kados paring pepeling dhumateng kita.

Ing tengah kahanan kados mekaten, prayogi kita merenung dhawuhipun Allah wonten ing surat Ar-Rum ayat 41, ingkang maringi pitedah bilih karusakan ing darat lan segara medal saking ulah manungsa piyambak. Allah paring dhawuh:

ظَهَرَ الْفَسَادُ فِى الْبَرِّ وَالْبَحْرِ بِمَا كَسَبَتْ اَيْدِى النَّاسِ لِيُذِيْقَهُمْ بَعْضَ الَّذِيْ عَمِلُوْا لَعَلَّهُمْ يَرْجِعُوْنَ

Artosipun: “Wis katon kerusakan neng darat lan segara merga kelakuane wong-wong dewe. Allah nggawe wong-wong kuwi ngrasakake sebagian saka akibat tumindake, supaya padha bali menyang dalan sing bener.”

Jamaah kaum muslimin ingkang dipunrahmati déning Allah,

Salah satunggaling ulama tafsir, Yahya bin Salam, njlentrehaken bilih akèh karusakan ing bumi punika medal saking tumindak manungsa. Karusakan punika ugi kalebet owah-owahan iklim, ingkang samenika kita rasakaken bareng.

Penjelasan punika saged kapanggih wonten ing kitab At-Tasharif li Tafsiril Qur’an, kaca 116:

وَذٰلِكَ قَوْلُهُ فِي الرُّومِ: {ظَهَرَ الْفَسَادُ فِي الْبَرِّ وَالْبَحْرِ} يَعْنِي قَحْطَ الْمَطَرِ وَقِلَّةَ النَّبَاتِ فِي الْبَرِّ، يَعْنِي الْبَادِيَةَ، وَالْبَحْرِ، يَعْنِي الْعُمْرَانَ وَالرِّيفَ

Artosipun: “Iki kaya firman Allah neng Ar-Rum: ‘Wis katon kerusakan neng darat lan laut.’ Maksude yaiku kurang udan lan sithik tanduran ing wilayah daratan, yaiku pedalaman lan pemukiman.”

Jamaah kaum muslimin ingkang dipunrahmati déning Allah,

Sakwise mangertosi bilih owah-owahan iklim punika kalebet akibat saka tumindak kita, sampun wayahipun kita nata malih cara urip saben dinten. Owah-owahan boten kedah ageng, ingkang utama wonten kemauan kanggé ndandosi dhiri.

Sawetawis ikhtiar sederhana nanging duwé nilai ingkang ageng inggih punika:

1. Ngirit banyu lan listrik.

Kajawi migunani kanggé lingkungan, punika ugi ndidik kita supados boten mubadzir.

Allah paring pepeling wonten ing Al-A’raf ayat 31:

وَلَا تُسْرِفُوْاۚ اِنَّهٗ لَا يُحِبُّ الْمُسْرِفِيْنَ ࣖ

Artosipun: “Aja padha mubadzir. Merga Allah ora seneng marang wong-wong sing mubadzir.”

2. Ngurangi sampah lan njaga kebersihan.

Kanthi ngresiki lingkungan, kita mbangun urip ingkang sehat tumrap manungsa, kéwan, lan tetuwuhan.

Rasulullah dhawuh:

إنَّ اللّٰهَ طَيِّبٌ يُحبُّ الطِّيْبَ، نَظِيفٌ ‌يُحبُّ ‌النَّظَافَةَ

Artosipun: “Allah kuwi Maha Apik seneng marang kabecikan; Maha Resik lan seneng kebersihan.”

3. Migunakaken barang sakperlu lan boten konsumtif.

Urip sederhana ndidik kita supados saged nahan diri saka barang ingkang boten perlu.

Allah dhawuh wonten ing Al-Furqan ayat 67:

وَالَّذِيْنَ اِذَآ اَنْفَقُوْا لَمْ يُسْرِفُوْا وَلَمْ يَقْتُرُوْا وَكَانَ بَيْنَ ذٰلِكَ قَوَامًا

Artosipun: “Wong-wong sing yen infak ora mubadzir lan ora medit…”

4. Ngerumat tanduran lan memakmurkan bumi.

Merawat tanduran kalebet tugas manungsa minangka khalifah ing bumi.
Allah dhawuh:

هُوَ اَنْشَاَكُمْ مِّنَ الْاَرْضِ وَاسْتَعْمَرَكُمْ فِيْهَا فَاسْتَغْفِرُوْهُ ثُمَّ تُوْبُوْٓا اِلَيْهِۗ

Artosipun: “Dheweke nggawe kowé saka lemah lan nggawe kowé dadi wong sing memakmurkan bumi…”

Rasulullah paring dawuh malih:

عَنْ أَنَسِ رَضِيَ اللّٰهُ عَنْهُ، قَالَ قَالَ رَسُولُ اللّٰهِ صَلَّى اللّٰهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ: مَا مِنْ مُسْلِمٍ يَغْرِسُ غَرْسًا أَوْ يَزْرَعُ زَرْعًا، فَيَأْكُلُ مِنْهُ طَيْرٌ، أَوْ إِنْسَانٌ، أَوْ بَهِيمَةٌ، إِلَّا كَانَ لَهُ بِهِ صَدَقَةٌ

Artosipun: “Ora ana wong Islam nandur wit utawa tetanduran, banjur dipangan manuk, wong, utawa kéwan, kejaba dadi sedekah kanggo dheweke.”

Jamaah kaum muslimin ingkang dipunrahmati déning Allah,

Ngadhepi krisis iklim boten mesthi kanthi langkah ageng. Ajaran Islam maringi pepeling bilih langkah alit nanging ajeg saged ngasilaken owah-owahan ingkang ageng.

Mugi kita saged njagi amanah punika kanggé gesang ingkang langkung saé tumrap generasi samenika lan ing tembé. Wallahu a‘lam.

بَارَكَ اللّٰهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللّٰهَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِلْمُسْلِمِيْنَ فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ

KHUTBAH II

    اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ عَلَى إِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلَى تَوْفِيْقِهِ وَامْتِنَانِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لَا اِلٰهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى إِلَى رِضْوَانِهِ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اٰلِهِ وَاَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا

أَمَّا بَعْدُ فَيَا أَيُّهَا المُسْلِمُوْنَ اِتَّقُوْا اللّٰهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى

وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللّٰهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَّى بِمَلَآئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعَالَى إِنَّ اللّٰهَ وَمَلَآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يَآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ  وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا

اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللّٰهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيَآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلَآئِكَةِ الْمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّٰهُمَّ عَنِ الْخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ أَبِى بَكْرٍ وَعُمَرَ وَعُثْمَانَ وَعَلِيِّ وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِيْ التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا اَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ

اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ الأَحْيَآءِ مِنْهُمْ وَالْاَمْوَاتِ اَللّٰهُمَّ أَعِزَّ الْإِسْلَامَ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَالْمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ الْمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ الْمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَأَعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.

اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْبَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَالْمِحَنَ وَسُوْءَ الْفِتَنِ وَالْمِحَنِ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خَآصَّةً وَسَائِرِ الْبُلْدَانِ الْمُسْلِمِيْنَ عَآمَّةً يَا رَبَّ الْعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَ اِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ الْخَاسِرِيْنَ. رَبَّنَا آتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ  

عِبَادَ اللّٰهِ ! إِنَّ اللّٰهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِيْ الْقُرْبٰى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَآءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوْا اللّٰهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللّٰهِ أَكْبَرُ وَ اللّٰهُ يَعْلَمُ مَا تَصْنَعُوْنَ

Download Khutbah Singkat PDF

Khutbah Bahasa Indonesia

Silahkan bergabung dengan kami di Grup Telegram, Wa, atau Facebook untuk mendapatkan materi terbaru dari KHUTBAHSINGKAT.com Klik GABUNG SEKARANG Wa.0812-4436-5554

Pos terkait