Khutbah Jumat Terbaru: Solidaritas di Tengah Musibah Banjir Aceh dan Sumatera (Jawa)

Korban Bencana Banjir Aceh dan Sumatera
Korban Bencana Banjir Aceh dan Sumatera

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

الْحَمْدُ لِلهِ، الْحَمْدُ لِلهِ الَّذِيْ خَلَقَ الْإنْسَانَ وَعَلَّمَهُ الْبَيَان، الَّذِيْ جَعَلَ الْعِلْمَ سَبَبَ لِصِحَّةِ الْإِسْلَامِ وَالْإِيْمَانِ أَشْهَدُ أَنْ لآإِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ الْحَلِيْمُ الْمَنَّا ن، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الَّذِيْ أَظْهَرَ ألدِّيْنَ الْحَقِّ عَلَى السَّا ئِرِ الْعَدْيَان، اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى عَبْدِكَ وَرَسُوْلِكَ مُحَمَّدٍ سَيِّدِ وَلَدِ الْعَدْنَان، وَعَلَى اَلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَ هُمْ بِإِحْسَا نٍ إِلَى يَوْمِ يُحْشَرُ الْإِنْسَا

Bacaan Lainnya

أمَّا بَعْدُ، فَيَآأَيُّهَا الْإِخْوَان، رَحِمَكُمُ الله، أُوْصِيْنِيْ نَفْسِيْ وَإيَّاكُمْ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْن، قَالَ اللهُ تَعَلَى: أَعُوْذُبِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمنِ الرَّحِيْمِ، وَلاَ تَهِنُوا وَلاَ تَحْزَنُوا وَأَنتُمُ الأَعْلَوْنَ إِن كُنتُم مُّؤْمِنِينَ (ال عمران: ١٣٩)ـ

Jamaah Jum‘ah ingkang kinurmatan déning Allah,

Ing wekdal ingkang mulya menika, Sumonggo kita tansah ambudidoyo ningkataken takwa dhumateng Allah SWT. Kanti kio ngekampahi sedaya dhawuhipun lan nebihi saking sedaya laranganipun. Keranten kita kedah enget bilih namung bekal takwa ingkang saged njagi gesang kita wonten ing donya ngantos akhirat.

Jamaah ingkang kinurmatan Allah,

Beberapa hari terakhir punika, wilayah Aceh lan Sumatera kados dene nangis. Bumi ingkang rumiyin tentrem dumadakan owah dados papan ingkang kebak banyu, lempung, tangisan, lan karusakan.

Banjir bandang rawuh boten ngentosi siyap-siyapipun manungsa. Banyu gedhé nyerang griya-griya, mecah jembatan, ngeremaken sekolah, ngilangaken nyawa, lan ninggalaken duka ingkang jero.

Kita sami mireng lan maos pawartos:

  • Jutaan warga ngalih papan dhateng pos darurat.
  • Ribuan griya tenggelam, keseret, lan rusak abot.
  • Kirang langkung 1000 nyawa seda, termasuk bayi, anak-anak lan tiyang sepuh.
  • Atusan tiyang ilang kepethuk arus.
  • Atusan tiyang tatu, kesel, lan kenging infeksi kulit lan gangguan napas.
  • Pasokan logistik winates sanget: pangan sithik, banyu resik angel sanget, selimut namung sawatara.
  • Listrik pedhot kabèh, wengi peteng remeng-remeng sinambi swara kali ingkang saya amba.
  • Akses dalan pedhot, jembatan keseret, dados bantuan angel mlebet.

Wonten ing sebagian tempat, warga kejebak pirang-pirang dinten wonten dnuwur genteng, bengok nyuwun pitulungan. Ing posko pengungsian, tangisipun bocah-bocah wonten saben wengi.

Para ibu bingung pados susu kanggé bayi ingkang kademan. Tiyang-tiyang sepuh lungguh ringkih, badan kademan, tanpa obat. Menika duka ingkang dipun alami. Allah ngélingaken kita:

وَلَنَبْلُوَنَّكُم بِشَيْءٍ مِّنَ الْخَوْفِ وَالْجُوعِ وَنَقْصٍ مِّنَ الْأَمْوَالِ وَالْأَنفُسِ وَالثَّمَرَاتِ ۗ وَبَشِّرِ الصَّابِرِينَ

“Lan pancen Aku bakal nguji siro nganggo rasa wedi, keluwen, kurang bandha, nyawa, lan woh-wohan. Lan kabar gembirana wong-wong sing sabar.” (QS. Al-Baqarah: 155)

Musibah punika dudu namung angka ing pawartos, nanging ugi ujian saking Allah — lan ugi ujian tumrap kita ingkang tebih saking lokasi kejadian, menapa kita peduli utawi namung mendel mawon.

Jamaah ingkang minulyo, nalika banjir bandang nyapu padésan, kathah warga boten saged nylametaken barang punapa-punapa. Sedoyo punika kadadosan ing hitungan menit.

  • Wonten ibu ingkang nangis amargi putranipun keseret arus nalika sami nyekel wit.
  • Wonten bapak ingkang namung saged pasrah nyepeng kulawarganipun wonten ing ndhuwur genteng ngentosi relawan.
  • Lare-lare alit maem mie instan mentah amargi boten wonten toyo panas.

Nalika wengi, swara tangis lan takbir sesahutan. “Ya Allah… tulung… Tulung..” Menikalah suwanten nalika toyo banjir saya munggah. Pedih sanget kahananipun.

Rasulullah ﷺ dhawuh:

مَثَلُ الْمُؤْمِنِينَ فِي تَوَادِّهِمْ وَتَرَاحُمِهِمْ وَتَعَاطُفِهِمْ كَمَثَلِ الْجَسَدِ

“Umpamané wong-wong mukmin ing tresna lan sayangé kuwi kaya siji awak. Yen siji perangan lara, kabèh awak turut lara karo demam lan ora bisa turu.” (HR. Muslim)

Lan hadis sanèsipun:

مَنْ نَفَّسَ عَنْ أَخِيهِ كُرْبَةً

“Sapa sing ngringanké kesusahan seduluré ing donya, Allah bakal ngringanké kesusahane ing dina kiamat.” (HR. Muslim)

Punika dawuh kanggé kita. Menawi ati boten kesengsem ningali sedulur kita kasangsaran, coba takon dhateng batin: punapa isih lembut, utawa sampun atos?

Allah ngendika:

وَتَعَاوَنُوا عَلَى الْبِرِّ وَالتَّقْوَىٰ

“Tulung-tinulungana ing kabecikan lan ketakwaan.” (QS. Al-Maidah: 2)

Warga ingkang kaserang musibah boten nyuwun macem-macem. Ingkang dipun betahaken: pangan pokok, selimut, busana layak, obat-obatan, banyu resik, papan sementara, lan donga tulus kita.

Jamaah ingkang mulya,

Sumangga mbikak manah kito sedoyo. Kito boten semerap, menawi sedekah sakedhik punika saged dados:

  • Pitulungan wonten ing dina kiamat,
  • Obat kanggé penyakit,
  • Penolak bala tumrap kulawarga,
  • Dados sebab Allah paring berkah gedang dateng kito.

Wonten hadis sanès:

الرَّاحِمُونَ يَرْحَمُهُمُ الرَّحْمٰنُ

“Wong-wong sing penyayang bakal disayangi déning Ar-Rahman.” (HR. Tirmidzi)

Lan sabda Nabi ﷺ:

الصَّدَقَةُ تُطْفِئُ غَضَبَ الرَّبِّ

“Sedekah saged mateni murka Allah.” (HR. Tirmidzi)

Mila, sumangga ngeisi dinten punika kanthi tumindak nyata: nyisihaken sedekah ingkang paling sae, ngajak kulawarga lan tanggi-tetangga peduli, mbiyantu relawan, ngirim logistik, utawa sak minimumipun ndonga.

Amargi sanadyan sithik, reginé ageng kanggé tiyang ingkang nandhang sangsara.

Jamaah ingkang dipun rahmati Allah,

Musibah punika pangéling supados kita langkung cedhak dhateng Allah, mbeneraken diri, lan ngiyataken paseduluran.

Mugi-mugi Allah ngangkat musibah punika, njagi Aceh lan Sumatera, maringi kekiyatan tumrap korban, rahmat kanggé ingkang seda, waras kanggé ingkang gerah, lan nggantos kerugianipun kanthi ingkang langkung sae.

أَقُوْلُ قَوْلِيْ هٰذَا، وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ، فَاسْتَغْفِرُوهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ

KHUTBAH II

   اَلْحَمْدُ للهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ، وَبِهِ نَسْتَعِيْنُ عَلَى أُمُوْرِ الدُّنْيَا وَالدِّيْنِ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى ألِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ

أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ، وَأَحُثُّكُمْ عَلَى طَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَ قَالَ اللهُ تَعَالَى فِيْ اْلقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَاأَيُّهَا النَّاسُ اعْبُدُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ وَالَّذِينَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُونَ، وَقاَلَ رَسُوْلُ اللهِ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ: اتَّقِ اللَّهِ حَيْثُمَا كُنْتَ وَأَتْبِعْ السَّيِّئَةَ الْحَسَنَةَ تَمْحُهَا وَخَالِقِ النَّاسَ بِخُلُقٍ حَسَنٍ. صَدَقَ اللهُ الْعَظِيْمُ وَصَدَقَ رَسُوْلُهُ النَّبِيُّ الْكَرِيْمُ وَنَحْنُ عَلَى ذلِكَ مِنَ الشَّاهِدِيْنَ وَالشَّاكِرِيْنَ وَالْحَمْدُ ِللهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ

اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَالدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ.

رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَاوَاِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ

عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوااللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ

Download Khutbah Singkat PDF

Khutbah Bahasa Indonesia

Silahkan bergabung dengan kami di Grup Telegram, Wa, atau Facebook untuk mendapatkan materi terbaru dari KHUTBAHSINGKAT.com Klik GABUNG SEKARANG Wa.0812-4436-5554

Pos terkait