Khutbah Jumat Praktis Terbaru PDF: Alasan Hati Nabi Muhmmad Dibedah Sebelum Mi’raj (Jawa)

Khutbah jumat praktis terbaru
Gambar ilustrasi

KHUTBAH JUMAT PERTAMA

اَلْحَمْدُ للهِ، اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِيْ أَسْرَى بِعَبْدِهِ لَيْلًا مِنَ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِ إِلَى الْمَسْجِدِ الْأَقْصَى، أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ الَّذِيْ أَنْعَمَ عِبَادَهُ كَثِيْرَةً لَا تُحْصَى وَلَا تُسْتَقْصَى. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِدَنَا وَمَوْلَانَا محمدًا ﷺ قَائِدُ الْأَنْبِيَاءِ وَالْوَرَى

 اَللَّهُمَّ فَصَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا محمدٍ أَشْرَفِ عِبَادِ اللهِ، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلِى يَوْمِ الْقِيَامَةِ، أما بعد فَيَا اَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ، أُوْصِيْنِيْ نَفْسِيْ وَإِيَّاكُمْ بِتَقْوَى اللهِ، فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. قال الله تعالى فِي كِتَابِهِ الكَرِيْمِ، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمنِ الرَّحِيْم، سُبْحَانَ الَّذِي أَسْرَى بِعَبْدِهِ لَيْلًا مِنَ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِ إِلَى الْمَسْجِدِ الْأَقْصَى الَّذِي بَارَكْنَا حَوْلَهُ لِنُرِيَهُ مِنْ آيَاتِنَا إِنَّهُ هُوَ السَّمِيعُ الْبَصِيرُ

Bacaan Lainnya

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,

Ing wekdal ingkang mulya saha papan ingkang kebak berkah menika, kawula maringi wasiat dhateng dhiri kawula piyambak lan dhateng panjenengan sedaya, sumangga kita sami ningkataken takwa dhumateng Allah SWT kanthi temen-temen nglampahi sedaya dhawuh-Nipun saha nyingkiri larangan-Nipun.

Kita kedah mangertosi bilih dawuh ittaqûllâh ingkang tansah dipun aturaken saben dinten Jum’at menika ateges takwa punika prakawis ingkang wigati sanget. Kanthi takwa, tiyang badhe dipun jamin slamet ing donya ngantos ing tembe dumugi akhirat.

Hadirin jamaah Jum’at ingkang dipun mulyaaken Allah,

Wulan Rajab punika wulan ingkang istimewa. Ing salebetipun wonten kathah makna saking Allah subhanahu wata’ala minangka anugerah ingkang istimewa kanggé Rasul kinasih-Nipun, inggih punika Nabi Muhammad shallallahu ‘alaihi wasallam.

Salah satunggaling anugerah ingkang paling ageng inggih punika kedadosan Isra’ lan Mi’raj ing tanggal 27 Rajab utawi tanggal ……. Februari ………….., sedinten malih. Ing Isra’ Mi’raj, Allah nglampahaken Nabi kanthi jasmani lan ruhani ing satunggaling wengi. Lelampahan punika ingkang lajeng dados sejarah ageng kanggé umat Islam.

Kados ingkang sampun misuwur dipun cariyosaken, bilih satunggaling kedadosan istimewa ingkang kapanggih wonten ing dhiri Rasulullah SAW sadèrèngipun mi’raj dipun wiwiti, inggih punika pembedahan manah dening Malaikat Jibril lan Mikail ‘alaihimassalam. Saklajengipun manahipun Nabi dipun suciaken kanthi toya zam-zam kaping tiga, lan manah ingkang mulya punika dipun iseni hikmah saha iman.

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,

Punapa ingkang dados fokus khutbah wekdal punika. Kenging punapa manah ingkang dipun bedhah saha dipun resiki? Kenging punapa boten usus utawi ginjel ingkang ugi gadhah peran wigati wonten ing badan? Utawi piranti resik sanèsipun ingkang dados jalur rereged manungsa? Lan kenging punapa pembedahan punika dipun lampahi sadèrèngipun lelampahan, boten sasampunipun utawi wonten tengahing lelampahan?

Jamaah Jum’at ingkang bingah,

Satemene wonten ing kedadosan punika ngandhut hikmah ingkang jero sanget. Sakin langkung inggil imanipun satunggaling tiyang, mesthi langkung jero ugi pangertosanipun dhateng hikmah. Nanging minangka tiyang ingkang winates kawruh, khatib namung saged ngèngèti sawetawis prekawis wonten wingkinging kedadosan punika, ingkang mbokmenawa sampun kathah dipun mangertosi nanging asring kalalen saha kaabaikan.

Kaping pisan, manah punika prekawis ingkang paling wigati wonten ing dhiri manungsa. Manah minangka pusat “metabolisme” iman saha takwa. Kados pilot, manah nuntun gesang spiritual manungsa, lan kualitas spiritual punika langsung nemtokaken saha mangaruhi tindak tandukipun satunggaling tiyang. Mila wonten satunggaling hadits misuwur babagan manah ingkang nerangaken:

“Satemene ing njero awaké wong ana segumpal daging. Yen segumpal daging kuwi becik, mula sak awaké uga dadi becik. Nanging yen segumpal daging kuwi ala, mula rusak sak awaké. Elinga, segumpal daging kuwi yaiku ati.”

Hadits punika sampun disepakati kasahihanipun dening para ahli hadits sedaya.

Sampun cetha sanget kados pundi wigatinipun kedudukan manah kanggé badan saha dhiri manungsa. Manah dados satunggal-satunggalipun prakawis ingkang nemtokaken becik awonipun badan lan gesang manungsa. Wonten satunggaling pribahasa Arab ingkang ngendika:

القَلْبُ مَلِكٌ، وَالأَعْضَاءُ جَنُودُهُ؛ فَإِذَا صَلُحَ القَلْبُ، صَلُحَتْ الرَّعِيَّةُ، وَإِذَا فَسَدَ، فَسَدَتْ

“Ati iku kaya raja, lan anggota awak iku bala tentarane. Yen atine apik, rakyaté uga apik. Nanging yen atine rusak, kabeh dadi rusak.”

Hadirin jamaah Jum’at ingkang dipun mulyaaken Allah,

Mila mekaten, punapa ingkang kadadosan wonten dhateng Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam punika minangka pralambang kanggé umatipun, bilih manah punika prakawis ingkang paling wigati kanggé dipun rawat ngungkuli anggota badan sanèsipun. Nggadhahi manah ingkang sehat saha endah punika langkung wigati tinimbang ngias pasuryan, ngregem awak, malah langkung wigati tinimbang ngasah otak.

Punapa punika ingkang asring kita kalalen. Manah asring boten malih dados panglima wonten ing gesang satunggaling tiyang. Sampun dangu kedudukanipun kagantos dening otak ingkang ngandelaken logika saha rasio. Sanadyan mekaten, sedaya pertimbangan kaadilan saha kebenaran punika sumberipun saking manah, boten saking otak. Mila boten klentu punapa ingkang dipun aturaken dening Imam al-Ghazali wonten ing Ihya’ Ulumuddin:

اِسْتَفْتِ قَلْبَكَ وَلَوْأَفْتَوْكَ وَأَفْتُوْكَ وَأَفْتُوْكَ

“Takonen atimu, senajan wong-wong padha menehi fatwa marang siro, senajan wong-wong padha menehi fatwa marang siro, senajan wong-wong padha menehi fatwa marang siro.”

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,

Menawi jantung punika kunci utama penggerak badan, mila manah punika cahyanipun. Menawi deg-degan jantung mandheg, mila satunggaling tiyang badhe pejah, panganan sepinten lan semawon boten saged mlebet.

Mekaten ugi kaliyan manah. Menawi manahipun satunggaling tiyang pejah, mila batin spiritual badhe peteng gulita kelangan arah. Badan saged tumindak sak karepe piyambak malah saged ndholimi tiyang sanès.

Mila saking punika, sumangga kita sami ngupados kanthi saestu kanggé ngrumat manah. Salah satunggaling cara ngrumat saha ngresiki manah inggih punika aja nganti manah kita kapapar penyakit hasud, iri, dengki, ujub, takabur, saha penyakit sanèsipun.

Kita saged nindakaken cara-cara ingkang prasaja kanggé njagi manah. Upaminipun, kita saged rawuh wonten majelis taklim. Menawi wonten dendam utawi prasangka awon dhateng satunggaling tiyang, kedah enggal kita sirnakaken. Kanthi mekaten, insya Allah manah kita badhe tetep padhang.

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,

Mekaten salah satunggaling hikmah ingkang saged kita pendhet saking kedadosan Isra’ Mi’raj. Allah mbedhah dada saha ngresiki manah Rasulullah boten amargi wonten rereged ing manahipun Rasulullah. Nanging punika sedaya minangka pralambang kanggé kita minangka umatipun. Bilih ngresiki, ngrumat, saha ngias manah punika pakaryan utama ingkang kedah dipun dahuluken saking prekawis sanèsipun. Kados pundi Allah subhanahu wata’ala ngedahulaken pembedahan saha pencucian manah Rasulullah sadèrèngipun nindakaken lelampahan Isra’ Mi’raj.

Mugi kita sedaya kalebet golongan tiyang ingkang tansah resik manahipun.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ اْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ وَنَفَعَنِي وَإيَّاكُمْ ِبمَا ِفيْهِ مِنَ اْلآياَتِ وَالذكْر ِالْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ مِنِّي وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ اْلعَلِيْمُ

KHUTBAH JUMAT KEDUA

اَلْحَمْدُ للهِ عَلىَ اِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَاَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى اِلىَ رِضْوَانِهِ

اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا اَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا اَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا اَنَّ اللهّ اَمَرَكُمْ بِاَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى اِنَّ اللهَ وَمَلآ ئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا

اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّد وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ اَبِى بَكْرٍوَعُمَروَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَىيَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا اَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ

اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ اَعِزَّ اْلاِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ اَعْدَاءَالدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ اِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَاوَاِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ

عِبَادَاللهِ ! اِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلاِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِى اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوااللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرْ

Download Khutbah Singkat PDF

Khutbah Bahasa Indonesia

Silakan bergabung dengan kami di Grup Telegram, Wa, atau Facebook untuk mendapatkan materi terbaru dari KHUTBAHSINGKAT.com Klik GABUNG SEKARANG Wa.0812-4436-5554

Pos terkait