KHUTBAH I
اَلْـحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِي وَحَّدَ قُلُوْبَ الْمُؤْمِنِيْنَ بِالْإِيْمَانِ، وَحَذَّرَهُمْ مِنَ الْفُرْقَةِ وَالْخُصُوْمَةِ وَالْعُدْوَانِ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، شَهَادَةً تُنَجِّي قَائِلَهَا يَوْمَ الْمِيْزَانِ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الْمَبْعُوْثُ رَحْمَةً لِلْعَالَمِيْنَ وَإِمَامًا لِلْمُتَّقِيْنَ وَقُدْوَةً لِلْإِخْوَانِ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ الَّذِيْنَ أَقَامُوا الدِّيْنَ بِالْعَدْلِ وَالْإِحْسَانِ، اَمَّا بَعْدُ. فَيَا أَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ، أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللّٰهِ وَقَدْ قَالَ: وَاعْتَصِمُوْا بِحَبْلِ اللّٰهِ جَمِيْعًا وَّلَا تَفَرَّقُوْا ۖوَاذْكُرُوْا نِعْمَتَ اللّٰهِ عَلَيْكُمْ اِذْ كُنْتُمْ اَعْدَاۤءً فَاَلَّفَ بَيْنَ قُلُوْبِكُمْ فَاَصْبَحْتُمْ بِنِعْمَتِهٖٓ اِخْوَانًاۚ
Para jamaah ingkang dipun rahmati Allah,
Sedaya puji kita aturaken dhumateng ngarsanipun Allah Swt., lan amargi rahmat-Nipun kita pikantuk kasarasan saha katentreman saengga saged nglumpuk bebarengan kangge nindakaken shalat gerhana rembulan.
Shalawat saha salam mugi tansah kaparingaken dhumateng Nabi Muhammad saw. Mugi ugi kaparingaken dhumateng kulawarga panjenenganipun, para sahabat, saha sedaya pengikutipun ingkang setya ngugemi ajaran paseduluran dumugi akhir zaman.
Sumangga kita tansah ningkataken takwa dhumateng Allah Swt. kanthi nindakaken sedaya dhawuh-Nipun lan nebihi sedaya larangan-Nipun.
Hadirin jamaah shalat gerhana ingkang dipun mulyaaken Allah,
Kedadeyan katutupipun cahya rembulan dalu menika minangka pepeling saking Allah supados kita enggal sujud lan nyuwun pangapunten. Gerhana menika dados wekdal kangge taubat nasuha, ngresiki rereged dosa ingkang sampun ngotori manah kita.
Awit asring peteng ingkang saestu boten petenging jagad raya, nanging petenging manah ingkang katutup rasa sengit lan memungsuhan.
Kita kedah nyadhari bilih benten menika sampun dados kersanipun Gusti. Nanging samenika kathah benten ingkang dipunginakaken dados alesan kangge sami njatuhaken, sami memungsuhan, malah ngantos nuwuhaken getih tumpah.
Boten kajawi ingkang kadadosan wonten ing umat Islam. Dene Allah Swt. ngendika wonten ing surat Al-Hujurat ayat 10 bilih kaum muslimin boten kenging padudon utawi memungsuhan, amargi sajatosipun sedaya umat Islam menika sedherek.
اِنَّمَا الْمُؤْمِنُوْنَ اِخْوَةٌ فَاَصْلِحُوْا بَيْنَ اَخَوَيْكُمْ وَاتَّقُوا اللّٰهَ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَ
Tegese: “Satemene wong-wong mukmin kuwi sedulur, mula dandanen antarane sedulurmu loro sing padha padu, lan padha wedi marang Allah supaya kowe padha oleh welas asih.”
Jamaah ingkang dipun rahmati Allah,
Saestu langkung sae menawi kita sedaya ngindari padudon, pasulayan, suudzon, saha perkawis sanesipun ingkang saged ngretekaken paseduluran. Kita kedah mangertos bilih persatuan tansah maringi kekiyatan dhumateng kita, benten menawi kita piyambakan.
Rasulullah saw. sampun dhawuh, ingkang tegesipun: “Upamane wong mukmin kuwi kaya tanduran (wiji-wijian kaya pari lan gandum), angin tansah nggoyang-goyangake, lan wong mukmin tansah oleh cobaan; dene upamane wong munafik kuwi kaya wit aras sing kuwat ora tau obah amarga angin nganti tekan wektune ditebang.” (HR Muslim)
Para jamaah rahimakumullah,
Saben dinten kita sampun dipun biasakaken kangge manunggal. Kados ta nalika shalat berjamaah, shalat Jumat, dumugi ing kagiyatan kados dinten menika nalika kita nindakaken shalat sunnah gerhana rembulan.
Kita ngarep-arep pangapunten saking Allah saha njupuk piwulang supados tansah rukun bebarengan kaliyan sesami muslim. Tujuwanipun boten sanes kajawi bebarengan nggayuh ridha Allah saha kamulyan gesang wonten ing donya dumugi akhirat.
Mboten kesupen, sumangga kita dongaaken para sedherek kita sesami iman ingkang samenika ngadhepi musibah. Mugi sedherek-sederek kita, ing tanah air utawi ing papan sanes ing donya, tansah pinaringan pangayoman saha berkah kaslametan donya lan akhirat.
Wekasanipun, mugi Allah maringi rahmat saha hidayah-Nipun dhumateng kita sedaya, ngapura dosa-dosa kita, lan nampi sedaya amal ibadah kita wonten ngarsanipun. Aamiin.
KHUTBAH II
الْحَمْدُ لِلّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللهُ، أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَه لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى سيدنا مُحَمّدٍ وَعَلى آلِه وِأَصْحَابِه وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلى يَوْمِ الدّيْن.
اَمَّا بَعْدُ فَيَا اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوا اللهَ تَعَالى وَذَرُوا الْفَوَاحِشَ مَاظَهَرَ وَمَا بَطَنْ، وَحَافِظُوْاعَلى الطَّاعَةِ وَحُضُوْرِ الْجُمُعَةِ وَالْجَمَاعَةِ. وَاعْلَمُوْا اَنَّ اللهَ اَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَنّى بِمَلاَئِكَةِ قُدْسِهِ، فَقَالَ تَعَالى وَلَمْ يَزَلْ قَائِلاً عَلِيْمًا: اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَه يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِيّ يَاَ يُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا
اَللّهُمَّ صَلِّ عَلى سيدنا مُحَمَّدٍ وَعَلى آلِ سيدنا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلى سيدنا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلى آلِ سيدنا إِبْرَاهِيْمَ، وَبَارِكْ عَلى سيدنا مُحَمَّدٍ وَعَلى آلِ سيدنا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلى سيدنا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلى آلِ سيدنا إِبْرَاهِيْمَ،فى العالمين إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ
اللّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ ، اللّهُمَّ إِنَّا نَعُوذُ بِكَ مِنَ البَرَصِ وَالجُنُونِ والجُذَامِ وَسَيِّءِ الأسْقَامِ رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا, اللّهُمَّ إنَّا نَسْأَلُكَ الهُدى والتُّقَى والعَفَافَ والغِنَى، رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ وَصَلَّى اللهُ عَلى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلى آلِه وَصَحْبِه و َمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن وَآخِرُ دَعْوَانَا أَنِ الْحَمْدُ لله رَبِّ الْعَالَمِيْنَ
عِبَادَ اللهِ، إنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِي الْقُرْبى ويَنْهى عَنِ الفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ
Silahkan bergabung dengan kami di Grup Telegram, Wa, atau Facebook untuk mendapatkan materi Khutbah terbaru dari KHUTBAHSINGKAT.com Klik JOIN NOW





