KHUTBAH PERTAMA
اللهُ أَكْبَرُ (×٩) أَللهُ أَكْبَرْ كَبِيْرًا وَالْحَمْدُ لِلّٰهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلاً، لَاإِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ، صَدَقَ وَعْدَهُ وَنَصَرَ عَبْدَهُ وَأَعَزَّ جُنْدَهُ وَهَزَمَ الْأَحْزَابَ وَحْدَهُ، لاَإِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ، اَللهُ أَكْبَرُ وَلِلّٰهِ اْلحَمْدُ
الحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ حَرَّمَ الصِّياَمَ أَيّاَمَ الأَعْياَدِ ضِيَافَةً لِعِباَدِهِ الصَّالِحِيْنَ. أَشْهَدُ أَنْ لاَإِلٰهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ الَّذِيْ جَعَلَ الجَّنَّةَ لِلْمُتَّقِيْنَ وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَناَ وَمَوْلاَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ االدَّاعِيْ إِلىَ الصِّرَاطِ المُسْتَقِيْمِ. اللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَباَرِكْ عَلىَ سَيِّدِنَا مُحَمَّـدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحاَبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلىَ يَوْمِ الدِّيْنَ.
أَمَّا بَعْدُ: فَيَا عِبَادَ اللهِ، اتَّقُوْا اللهَ تَبَارَكَ وَتَعَالىَ، وَعَظِّمُوْا أَمْرَهُ وَاجْتَنِبُوْا نَهْيَهُ، ثُمَّ اعْلَمُوْا أَنَّ هَذَا الْيَوْمَ يَوْمٌ عَظِيْمٌ وَعِيْدٌ جَلِيْلٌ، قَالَ اللهُ تَعَالَى: وَلِتُكْمِلُوا الْعِدَّةَ وَلِتُكَبِّرُوا اللَّهَ عَلَى مَا هَدَاكُمْ وَلَعَلَّكُمْ تَشْكُرُونَ
Allāhu Akbar, Allāhu Akbar, Allāhu Akbar, walillāhil ḥamd.
Para kaum muslimin rahimakumullah,
Dinten menika inggih punika dinten kamenangan. Dinten ingkang kebak kabingahan sasampunipun sak wulan kebak kita sami berjuang nahan lapar, ngelak, hawa nafsu, lan manéka godhaning donya salebeting wulan Ramadhan. Dinten menika kita sami kempal wonten ing swasana ingkang kebak takbir, tahmid, lan tahlil ngagungaken Allah Subhanahu wa Ta’ala.
Nanging wonten ing tengahing kabingahan menika, sumangga kita sami tangklet dhateng dhiri kita piyambak: kados pundi menawi menika Idul Fitri pungkasan kangge kita?
Pinten kathah tiyang ingkang taun kepengker taksih sesarengan kaliyan kita wonten ing shalat Idul Fitri, nanging dinten menika piyambakipun sampun wonten ing liang kubur. Taun kepengker piyambakipun taksih takbir sesarengan kaliyan kulawarga, nanging dinten menika piyambakipun namung dipun dampingi lemah lan amal perbuatane piyambak.
Allah Subhanahu wa Ta’ala ngandika wonten ing Al-Qur’an:
كُلُّ نَفْسٍ ذَائِقَةُ الْمَوْتِ
“Saben sing urip mesthi bakal ngrasakake mati.” (QS. Ali ‘Imran: 185)
Pati menika sawijining kepastian ingkang boten saged dipun tundha. Boten peduli sepuh utawi enom, sugih utawi mlarat, pejabat utawi rakyat biasa. Nalika wekdalipun sampun dumugi, boten wonten satunggal tiyang kemawon ingkang saged nolak.
Allah ugi ngandika:
أَيْنَمَا تَكُونُوا يُدْرِككُّمُ الْمَوْتُ وَلَوْ كُنتُمْ فِي بُرُوجٍ مُّشَيَّدَةٍ
“Nang endi wae kowe ana, pati bakal nemokake kowe, senajan kowe ana ing benteng sing kokoh.” (QS. An-Nisa: 78)
Para kaum muslimin ingkang dipun mulyaaken dening Allah,
Ramadhan sampun ninggalaken kita. Sak wulan kebak kita sami ngibadah, shalat tarawih, maos Al-Qur’an, bersedekah, lan ngakehaken doa. Nanging dinten menika Ramadhan sampun tindak.
Pertanyaanipun inggih menika: menapa kita badhe pinanggih malih kaliyan Ramadhan taun ngajeng?
Botên wontên satunggal tiyang ingkang saged mastèkaké prakawis menika. Pinten kathah tiyang ingkang taun kepengker ndedonga supados pinanggih kaliyan Ramadhan salajengipun, nanging jebul Allah sampun nimbali piyambakipun sadèrèngipun Ramadhan rawuh malih.
Para jamaah shalat Idul Fitri rahimakumullah,
Dinten menika kita sami salaman, sami nyuwun pangapunten, lan sami ngaturaken tembung “nyuwun pangapunten lahir lan batin.” Nanging satemene Idul Fitri boten namung babagan sandhangan enggal, dhaharan ingkang kathah, utawi kempal kaliyan kulawarga.
Nanging Idul Fitri inggih punika dinten wangsulipun manungsa dhateng fitrah, bali dhateng kasucen manah, lan bali dhateng ketaatan dhateng Allah. Rasulullah Shallallahu ‘alaihi wasallam ngendika:
مَنْ صَامَ رَمَضَانَ إِيمَانًا وَاحْتِسَابًا غُفِرَ لَهُ مَا تَقَدَّمَ مِنْ ذَنْبِهِ
“Sapa sing poso Ramadhan kanthi iman lan ngarep pahala, bakal diapura dosa-dosane sing wis kepungkur.” (HR. Bukhari lan Muslim)
Bayangna wahai kaum muslimin… menawi dosa-dosa kita sampun dipun pangapunten dening Allah, mila sepira ageng kabagyan kita ing dinten menika.
Nanging pitakenipun: menapa kita badhe njaga kasucen menika sasampunipun Ramadhan tindak?
Sampun ngantos kita kados tiyang ingkang malih dados reged sasampunipun dipun resiki dening Allah.
Allah Subhanahu wa Ta’ala ngandika:
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا تُوبُوا إِلَى اللَّهِ تَوْبَةً نَّصُوحًا
“He wong-wong sing iman, padha tobat marang Allah kanthi tobat sing tenanan.” (QS. At-Tahrim: 8)
Para kaum muslimin ingkang dipun rahmati Allah,
Dinten menika kita sami bingah. Nanging sampun ngantos kabingahan menika ndadosaken kita kesupen dhateng Allah. Sampun ngantos sasampunipun Ramadhan kita malih nilar shalat, nilar Al-Qur’an, lan nilar masjid.
Awit satemene tandha dipun tampinipun amal Ramadhan inggih menika nalika satunggal tiyang tetep istiqamah wonten ing ketaatan sasampunipun Ramadhan.
Sahabat Ali bin Abi Thalib naté ngendika bilih Allah namung nampi amal saking tiyang-tiyang ingkang bertakwa. Kados dene firman Allah wonten ing Al Qur’an Surat Al-Ma’idah ayat 27:
إِنَّمَا يَتَقَبَّلُ اللَّهُ مِنَ الْمُتَّقِينَ
Para jamaah Idul Fitri ingkang dipun mulyaaken Allah,
Cobi kita bayangaken sekedap… menawi menika Idul Fitri pungkasan kita. Menawi sasampunipun dinten menika Allah nimbali dhateng kita.
Menapa kita sampun sestu-estu nyuwun pangapunten dhateng tiyang sepuh kita? Menapa kita sampun ngapura sedherek kita? Menapa kita sampun nyuwun pangapunten dhateng tiyang-tiyang ingkang nate kita laraaken?
Rasulullah Shallallahu ‘alaihi wasallam ngendika:
مَنْ كَانَتْ لَهُ مَظْلِمَةٌ لِأَخِيهِ مِنْ عِرْضِهِ أَوْ شَيْءٍ فَلْيَتَحَلَّلْهُ مِنْهُ الْيَوْمَ قَبْلَ أَنْ لَا يَكُونَ دِينَارٌ وَلَا دِرْهَمٌ
“Sapa sing nduweni kedholiman marang sedulure, apa saka pakurmatan utawa bandha, kudu njaluk ngapura dina iki sadurunge teka dina sing ora ana maneh dinar lan dirham.” (HR. Bukhari)
Ing dinten kiamat tembe boten wonten malih arta, boten wonten malih jabatan, lan boten wonten malih kuwasa. Ingkang wonten namung amal shalih lan dosa.
Menawi kita nate ndhalimi tiyang sanes, mila pahala kita badhe dipun paringaken dhateng piyambakipun. Menawi pahala kita sampun telas, dosa piyambakipun badhe dipun pindhahaken dhateng kita. Na’udzubillahi min dzalik.
Para kaum muslimin rahimakumullah,
Idul Fitri kedahipun ndadosaken kita dados manungsa ingkang langkung sae. Luwih rajin shalat. Luwih cedhak kaliyan Al-Qur’an. Luwih alus dhateng kulawarga. Lan langkung peduli dhateng fakir miskin.
Awit satemene tiyang ingkang saestu pikantuk kamenangan ing dinten riyaya inggih menika tiyang ingkang medal saking Ramadhan kanthi manah ingkang langkung cedhak dhateng Allah. Allah Subhanahu wa Ta’ala ngandika:
وَالْآخِرَةُ خَيْرٌ وَأَبْقَى
“Lan urip akhirat iku luwih apik lan luwih langgeng.” (QS. Al-A’la: 17)
Donya menika namung sawetawis wekdal kemawon. Bandha badhe dipun tinggal, jabatan badhe dipun uculaken, griya badhe dipun warisaken.
Ingkang badhe ndherek kita wonten ing kubur namung amal perbuatan kita piyambak. Rasulullah Shallallahu ‘alaihi wasallam ngendika: “Sing ngetutake jenazah ana telu: keluargane, bandhane, lan amalé. Loro bakal bali, lan sing kari mung amalé.” (HR. Bukhari lan Muslim)
Para jamaah shalat Idul Fitri ingkang bingah,
Mila menawi dinten menika Idul Fitri pungkasan kita, sumangga kita wangsul dhateng griya kanthi manah ingkang enggal. Wangsul kanthi tekad dados abdining Allah ingkang langkung sae.
Njagi shalat gangsal wekdal. Maos Al-Qur’an saben dinten. Bakti dhateng tiyang sepuh. Njagi lisan saking nglarani tiyang sanes. Lan ngakehaken sedekah dhateng tiyang ingkang mbutuhaken.
Mugi Ramadhan ingkang sampun kita lampahi dados seksi kabecikan kita wonten ing ngarsaning Allah. Lan mugi-mugi Allah kersa nampi sedaya amal ibadah kita. Aamiin.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ، وَنَفَعَنِيْ وَاِيَاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ، وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ اِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ العَلِيْمُ
أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِلْمُسْلِمِيْنَ فَاسْتَغْفِرُوْهُ اِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ
KHUTBAH II
اللهُ أَكْبَرُ (×٧) اَللهُ أَكْبَرُ كَبِيْرًا وَالْحَمْدُ ِللهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلاً، لاَ إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ، اَللهُ أَكْبَرُ وَللهِ الْحَمْدُ
الحمْدُ لله, الحمدُ للهِ الذِّي جَـعَـلَ رمـضـانَ شَـهْـرَ الـصّـِيـَامِ شَـهْـرٌ فـيـهِ تُـطْـهَـرُ أَنْـفُـسُــنَـا مِـنَ الْـمَعـَـاصِى وَالْأَثـَامِ أشـهـد ان لأ اله الا الله وحده لا شـريك له الْـمَـلِكُ الْـقُـدُّوسُ الـسَّــلَامُ وَأَشْـهَدُ أنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِي بِقَوْلِهِ وَفِعْلِهِ إِلَى دَارِ السَّـلاَمِ
اللهم صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلىَ أَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ كَانَ لَهُمْ مِنَ التَّابِعِيْنَ، صَلَاةً دَائِمَةً بِدَوَامِ السَّمَوَاتِ وَالْأَرْضِيْنَ. أَمَّا بَعْدُ: فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَذَرُوْا الْفَوَاحِشَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ. وَحَافِظُوْا عَلَى الطَّاعَةِ وَحُضُوْرِ الْجُمْعَةِ وَالْجَمَاعَةِ وَالصَّوْمِ وَجَمِيْعِ الْمَأْمُوْرَاتِ وَالْوَاجِبَاتِ. وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ بِنَفْسِهِ. وَثَنَى بِمَلَائِكَةِ الْمُسَبِّحَةِ بِقُدْسِهِ. إِنَّ اللَّهَ وَمَلائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيماً
اَللّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ فِيْ العَالَمِيْنَ اِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.
اَللّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اَلْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وِالْأَمْوَاتِ.
Ampuni dosa kami, dosa kedua orang tua kami, dosa keluarga kami, dan dosa seluruh kaum muslimin.
Ya Allah, jika Engkau mempertemukan kami dengan Ramadhan berikutnya, jadikan kami hamba yang lebih taat kepada-Mu.
Namun jika Engkau memanggil kami sebelum Ramadhan berikutnya datang, maka wafatkanlah kami dalam keadaan husnul khatimah.
رَبَّنَا تَقَبَّلْ مِنَّا إِنَّكَ أَنْتَ السَّمِيعُ الْعَلِيمُ
“Ya Tuhan kami, terimalah dari kami (amal kami). Sesungguhnya Engkau Maha Mendengar lagi Maha Mengetahui.”
عِبَادَ اللهِ، اِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْاِحْسَانِ وَاِيْتَاءِ ذِيْ الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذْكُرُوْا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرُكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ

Silahkan bergabung dengan kami di Grup Telegram, Wa, atau Facebook untuk mendapatkan materi terbaru dari KHUTBAHSINGKAT.com Sentuh 👉 GABUNG GRUP




