Khutbah Jumat Singkat Bahasa Jawa PDF: Detik-detik Menyambut Malam Lailatul Qadar

Ilustrasi malam lailatul qadar
Ilustrasi Malam Lailatul Qadar

Lajeng kados pundi corone kito saget mapak wengi kamulyan meniko? Jawabipun nggih kedah nguripi saben wengi Ramadhan khususe ing akhir kelawan ibadah lan ngelampahi kesaenan. Saking meniko, otomatis mboten wonten wengi ingkang nganggur utawa kosong tanpo diisi njungkung ibadah marang Allah.

Hadirin Jamaah Jumat ingkang minulyo

Bacaan Lainnya

Pengadatane umat Islam wonten akhir Ramadhan sami i’tikaf wonten masjid, keranten sampun dipun contohaken Kanjeng Nabi Muhammad. Pramilo ing njerone likuran wengi Ramadhan kito saget mirsani umat Islam katah ingkang  ngerameaken masjid kelawan tadarus Al-Quran, I’tikaf, shalat tasbih lan sak pitunggalane.

Setunggale dungo ingkang populer didamel khususe likuran Ramadhan, nggih meniko:

عن عائشة -رضي الله عنها- أنّ رسولَ اللهِ -صلى الله عليه وسلم- كانَ يقول في ركوعه وسجودِه: سبُّوحٌ قُدُّوسٌ رَبُّ المَلاَئِكَةِ وَالرُّوحِ (رواه مسلم)

Artosipun: Saking Aisyah, saktemene Rasulullah ngucap doa nalika ruku lan sujude: Moho suci lan bersih Gusti Allah kang dadi pengerane poro malaikat lan malaikat Jibril (ruh).

Lajeng dungo tambahane hadits riwayat Tirmidzi saking jalur Aisyah:

عَنْ عَائِشَةَ قَالَتْ قُلْتُ يَا رَسُولَ اللَّهِ أَرَأَيْتَ إِنْ عَلِمْتُ أَىُّ لَيْلَةٍ لَيْلَةُ الْقَدْرِ مَا أَقُولُ فِيهَا قَالَ  قُولِى اللَّهُمَّ إِنَّكَ عَفُوٌّ تُحِبُّ الْعَفْوَ فَاعْفُ عَنِّى

Artosipun: Saking Aisyah, piyambake ngendikan, “ingsun nate tanglet dateng Kanjeng Nabi dungo naliko ingsun ngertos dumawahe  lailatul qadar, Kanjeng Nabi dawuh, ora ngucap ingsun ing njerone lailatul qadar kejobo dungo: Duh Gusti Allah, saktemene panjenegan dzat kang katah pengapurane lan demen ngapuro, milo kulo nyuwun panjenengan ngapuro kulo.

Kedah kito pahami bilih sedoyo ibadah ingkang  dipun lampahi saben wengi kasebat minongko dados ikhtiar peparek (taqarrub) dateng Gusti Allah kanti ikhlas. Walhasil, saking ikhtiar niki dados setunggale coro kito saget angsal lailatul qadar lan ridone Gusti Allah. Mugi-mugi kito saget pikantuk barokahe wulan Ramadhan.

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait