Khutbah Jumat Ramadhan Singkat Padat PDF: Mendidik Hawa Nafsu di Bulan Ramadhan (B. Jawa)

Ilustrasi Mengendalikan Hawa Nafsu
Ilustrasi Mengendalikan Hawa Nafsu

Kenging menopo nafsu kedah dipun didik saha dipun arahkan supados purun nindaken ibadah saha amalan-malan sahe, khususipun wonten wulan ramadhan?

Nafsu kita, anggadahi kecenderungan ngajak dateng perkawis ingkang wonten sahe, angel sarta nolak diajak nindakaken ibadah. Menika atas dasar dawuhipun Allah wonten ing Surat Yusuf ayat 53

Bacaan Lainnya

وَمَا أُبَرِّئُ نَفْسِي إِنَّ النَّفْسَ لَأَمَّارَةٌ بِالسُّوءِ إِلَّا مَا رَحِمَ رَبِّي إِنَّ رَبِّي غَفُورٌ رَحِيمٌ

Aku (Nabi Yusuf) ora bakal bebas sangka (sifat eleke) nafsuku, krana nafsu iku tansah ngajak dateng perkoro olo, kejobo Pengeranku aweh kawelasan. Saktemene Pengeranku maha aweh pengapura lan maha welas asih”

Al-Imam al-Ghazali ugi ndawuhaken:

السَّعَادَةُ كُلُّهَا فِي أَنْ يَمْلِكَ الرَّجُلُ نَفْسَهُ وَالشَّــقَــاوَةُ فِي أَنْ تَمْـلِـكَـــهُ نَفْـسُــــهُ

Tiyang menika bade manggihi kebahagiaan utawi kabejan, menawi saget mengendalikan nafsunipun. Kosokwangsulipun, tiyang meniko bade manggiho cilaka, lamun mboten saget mengendalikan nafsunipun”

Pramila wonten wulan ramadhan menika, mangga nafsu kita didik, dipekso saha dibiasaken nindakaken sholat berjamaah, maos al-Quran, qiyamullail, sholat terawih, shodaqah saha ibadah-ibadah sanesipun.

Wonten wulan ramadhan menika, kanti luwe saha ngelak, nafsu langkung gampang dipun tarbiyah utawi dipun didik. Syaikh Muhyidin Ibn al-Arabi wonten kitab al-Futuhat al-Makkiyah ngisahken, bilih nalika nafsu pertama dipun titahaken (didadekaken) nate dipun dangu kalian Allah; “he nafsu… kowe ki sapa, lan Aku iku sapa? Jawabe nafsu; “kula gih kula, jenengan gih panjengan”.

Akhiripun Allah paring ukuman dateng nafsu kanthi diluwekaken (pasa) samapai seribu tahun. Saksampunipun, lajeng dipun dangu Allah; “he nafsu… kowe ki sapa, lan Aku iku sapa? Jawabe nafsu sampun berubah; “kula menika makhlukipun ugi kawulanipun Panjengan. Panjengan menika pengeran kawula”.

Atas dasar Syaikh Muhyidin Ibn al-Arabi menika, wulan Ramadan menjadi momentum ingkang paling tepat kagem menundukkan nafsu kita, saha diajak supados purun nindakken sedayo amalan ingkang sahe, saha ngedohi perkawis ingkang awon.

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait