Khutbah Jumat Ramadhan Singkat Padat PDF: Mendidik Hawa Nafsu di Bulan Ramadhan (B. Jawa)

Ilustrasi Mengendalikan Hawa Nafsu
Ilustrasi Mengendalikan Hawa Nafsu

Wulan Ramadhan menika merupakan laboratorium ingkang dipun rancang Alloh kagem menundukkan nafsu., sekaligus ramadhan menika dados miniatur/potret gesang kita sakdanguni 11 wulan sakterusipun. Artosipun, kados pundi model saha kualitas ibadah kita saksampunipun wulan ramadhan saget dipun tingali saking kebiasaan kita wonten wulan ramadhan.

Menawi wonten wulan ramadhan menika saget ajek, rutin, istiqomah nindaaken sholat berjamaah, ingsa Allah, 11 wulan sak bibaripun ramadhan, kita ugi saget nindakaken sholat berjamaah. Pun ugi menawi wonten wulan ramadhan menika saget ajek, rutin, istiqomah nindaaken tadarrus, maos al-Qur’an,  ingsa Allah, 11 wulan sak bibaripun ramadhan, kita ugi saget nindakaken maos al-quran sarta ibadah-ibadah sanesipun.

Bacaan Lainnya

Para sederek Kaum Muslimin  ingkang Minulya,

Kanjeng Nabi dawuh:

رُبَّ  صَـائـِمٍ  لَـيـْسَ مِنْ  صِيَامِـهِ اِلَّا اْلـجُـوْعَ  وَاْلـعَطَشَ

Pirang pirang wong kang pasa , kang saka pasane ora oleh apa apa kejaba    mung    ngelak lan luwe” (HR. An Nasai, Ibn Majah  lan Al Hakim).

Dawuh saking kanjeng Nabi Muhammad SAW menika paring isyarah saha pelajaran bilih hakekatipun pasa mboten anamung, menghindarkan diri saking dahar saha minum, ananging ugi menghindarkan nafsu kita saking sifat-sifat ingkang mboten sahe.

Wonten wulan ramadhan menika, mangga peningal, lisan, kuping saha anggota tubuh kita ajak pasa ugi. Peningal pasa saking ningali barang-barang ingkang mboten sahe, dosa saha maksiyat.

Kuping kita ajak pasa, nebihi saking mirengaken perkawis ingkang mboten sahe. Semanten ugi anggota tubuh kita sanesipun ugis dipun ajak pasa, ninggalaken sedaya amalan dosa, maksiyat saha anggkara murka.

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait