Khutbah Jumat Terbaru Bulan Syawal PDF Bahasa Jawa: Persaudaraan Bagaikan Tubuh

Menjalin Silaturahim
Menjalin Silaturahim

Menopo ingkang kito lampahi wonten ing Idul Fitri meniko kados perintahipun Allah supados njagi tali seduluran wonten Surat Ali Imran ayat 112:

 ضُرِبَتْ عَلَيْهِمْ الذِّلَّةُ أَيْنَمَا ثُقِفُوا إِلَّا بِحَبْلٍ مِنَ اللهِ وَحَبْلٍ مِنْ النَّاسِ. (آل عمران: 112)

Bacaan Lainnya

Artosipun: “Deweke bakal ino nang endi wae panggonan, kecuali dewek e cekelan kelawan hubungan kalian Allah dan hubungan kalian menugso,” (Surat Ali Imran ayat 112).

Ma’âsyiral muslimîn rahimakumullâh

Wonten ing ayat kasebat sampun jelas bilih tiang ingkang nyambung seduluran antawisipun tiang setunggal lan lintunipun mboten bakal ino wonten pundi kemawon.

Ing dalem agami Islam, seduluran antar keturunan (ukhuwah nasabiyah), seduluran antawisipun manungso (ukhuwah basyariyah), seduluran setanah air (ukhuwah wathaniyah) lan seduluran seagami (ukhuwah Islamiyah). Hal mekaten kados dawuhipun Allah:

 إِنَّمَا الْمُؤْمِنُونَ إِخْوَةٌ فَأَصْلِحُوا بَيْنَ أَخَوَيْكُمْ، وَاتَّقُوا اللهِ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُونَ

Artosipun: “Wong-wong iman sejatine sedulur. Sebab iku apik ono hubungan antarane sedulur loro lan wediho marang Allah, supoyo siro kabeh oleh Rahmat,” (Surat al-Hujurat ayat 10).

Ma’âsyiral muslimîn rahimakumullâh

Wonten katah hadist, Rasulallah SAW maringi penjelasan bilih seduluran antawisipun tiang mukmin setunggal lan lintunipun kados dene badan.

 مَثَلُ الْمُؤْمِنِينَ فِى تَوَادِّهِمْ وَتَرَاحُمِهِمْ وَتَعَاطُفِهِمْ مَثَلُ الْجَسَدِ إِذَا اشْتَكَى مِنْهُ عُضْوٌ تَدَاعَى لَهُ سَائِرُ الْجَسَدِ بِالسَّهَرِ وَالْحُمَّى. (رواه مسلم)

Artosipun: “Wong mukmin ing dalem saling mencintai, ngasihi lan menyayangi koyo dene badan, umpomo siji anggota badan loro mongko anggota badan liane bakal susah turu utowo ngeroso adem panas.” (HR Muslim).

Tiang mukmin meniko ibarat setunggal badan, umpami wonten salah setunggal anggota badan sakit mongko lintune bakal ngeraosaken sakit. Sikil mborok saget ndadosaken awak meriang lan sirah ngelu. Bilih wonten sederek ingkang kesusahan mongko lintune ugi ngeraosaken. Menikolah sejatosipun seduluran.

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait