Khutbah Jumat Terbaru Bulan Syawal PDF Bahasa Jawa: Persaudaraan Bagaikan Tubuh

Menjalin Silaturahim
Menjalin Silaturahim

Islam merintah kulo panjenengan sedoyo supados ngencengi seduluran. Kados dene badan ingkang mboten saget dipunpisah. Seneng susah dipun lampahi sareng-sareng. Ringan sama dijinjing, berat sama dipikul. Sikap saling anggadhai meniko termasuk sejatosipun sikap seduluran.

Ma’âsyiral muslimîn rahimakumullâh

Bacaan Lainnya

Indah sanget, Islam nuntun manungso ing dalem nyambung seduluran. Tentu, ngelampahi sedoyo meniko mboten enteng, mboten kados dene malik epek-epek tangan. Meski rambut sami-sami item, tapi raos seduluran mboten sami.

Monggo, kito contoh tangan kekalih inggih meniko tengen lan kiwo. Masing-masing tangan gadahi tugas piambak-piambak. Tangan kanan, kito ginaaken kagem ngelampahi perkawis ingkang sae kados dahar, nginum, salaman, nyumanggaaken, nulis, lan lintunipun. Ananging, tangan kiwo biasanipun kito ginaaken kagem hal-hal ingkang gegayutan kalian barang kotor lan najis.

Naliko melampah, tangan kiwo tengen maju mundur gantian. Naliko sikil kiwo ngelangkah, tangan tengen maju lan tangan kiwo mundur. Ugi sewangsulipun. Naliko tangan kiwo tengen leren istirahat, kekalihipun sendakep.

Naliko badhe ngangkat barang, tangan kiwo tengen dados setunggal sehinggo gadah kekiatan. Naliko salah setunggal tangan cidera, tangan setunggalipun saggup ngobati. Deriji manis dateng tangan tengen ugi mboten nate iri naliko deriji manis kiwo diparingi cincin.

Mpun ngantos kito niru kuping kalih. Kuping kiwo tengen dados setunggal ten sirah. Meski wonten setunggal panggenan tapi mboten nate kepanggih. Kuping sering oyok-oyokan nangkep suworo.

Kuping mboten saling bantu, Naliko kuping tengen ngadep ngetan mongko kiping kiwo ngadep ngulon. Naliko kuping tengen kadep ngalor mongko kuping kuwo ngadep ngidul. Milo, mpun ngantos kito nyontoh kuping dalam hal seduluran, mboten kompak meski wonten hubungan dekat.

Ma’âsyiral muslimîn rahimakumullâh

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait