Khutbah Jumat Singkat PDF Bahasa Jawa: Belajar Dari Tiga Binatang Dalam Al Quran

Ilustrasi hewan laba-laba, semut dan lebah
Ilustrasi hewan laba-laba, semut dan lebah

KHUTBAH JUMAT PERTAMA

اَلْحَمْدُ للهِ، اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِىْ جَعَلَ الْاِسْلَامَ طَرِيْقًا سَوِيًّا، وَوَعَدَ لِلْمُتَمَسِّكِيْنَ بِهِ وَيَنْهَوْنَ الْفَسَادَ مَكَانًا عَلِيًّا. أَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ، شَهَادَةَ مَنْ هُوَ خَيْرٌ مَّقَامًا وَأَحْسَنُ نَدِيًّا. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا حَمْدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الْمُتَّصِفُ بِالْمَكَارِمِ كِبَارًا وَصَبِيًّا. اَللَّهُمَّ فَصَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَانَ صَادِقَ الْوَعْدِ وَكَانَ رَسُوْلاً نَبِيًّا، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ الَّذِيْنَ يُحْسِنُوْنَ إِسْلاَمَهُمْ وَلَمْ يَفْعَلُوْا شَيْئًا فَرِيًّا، أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ رَحِمَكُمُ اللهُ، اُوْصِيْنِيْ نَفْسِىْ وَإِيَّاكُمْ بِتَقْوَى اللهِ، فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ

قَالَ اللهُ تَعَالَى : بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ، يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ

Bacaan Lainnya

Jamaah shalat jum’at rahimakumullah,

Wonten ing kesempatan menika sumangga kita tingkataken ketakwaan kita dumateng Allah SWT kanthi nglampahi sadayaning perintah-ipun lan nebihi sedaya larangan-ipun.

Sak mboten-mbotenipun wonten tigang kewan alit dados nami saking tiga surah ing lebeting Al-Qur’an, inggih menika Al-Naml (semut), al-‘Ankabut (laba-laba), lan al-Nahl (lebah). Bilih kita amati kaliyan seksama, kewan-kewan menika nggadhahi karakter kas ingkang saged kita pendhet hikmahipun kangge dipundadosaken pedoman umat manungsa.

Kewan ingkang nomer setunggal inggih menika semut. Semut menika ngumpulaken bahan makanan sakedhik saya sakedhik tanpa henti-hentinipun. Miturut para ahli, kewan alit menika asal ngumpulaken bahan makanan kangge setaunan, padahal umuripun mboten langkung saking setahun.

Kegigihanipun kewan menika ageng sanget, mila piyambakipun usaha lan sering mikul punapa-punapa ingkang langkung ageng saking badanipun, senadyan sedoyo menika mboten migunani dateng piyambakipun.

Wonten surah al-Naml dipuncriyosaken Bab Fir’aun, ugi Nabi Sulaiman ingkang nggadhahi keistimewaan ingkang mboten dipun-gadhahi dening manungsa saderengipun lan sasampunipun. Wonten ugi criyos setunggaling tiyang Raja estri ingkang usaha nyogok Nabi Sulaiman demi mertahanaken kekuwaosan piyambakipun.

Benten malih uraian Al-Qur’an Bab laba-laba: wonten Al-Qur’an dipunjlentrehaken, sarangipun inggih menika papan ingkang paling rapuh. Kados keterangan wonten surah al-ankabut ayat 41:

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait