Download Materi Khutbah Jum’at Tentang Mengobati Penyakit Hati Riya’ (B. Jawa)

Ilustrasi Berdzikir
Ilustrasi Berdzikir

Bilih kita nglampahaken setunggaling amal kangge madosi pahala saking Allah lan sekaligus mengharap pujian sesami manungsa, mila Allah mboten bakal nampi amal kasebat. Dados salah setunggaling tiyang ingkang nglampahaken amal ingkang dipuntumuti riya’, mila mboten wonten pahalanipun babar pisan, malah piyambakipun dosa amargi riya’ipun. Pramila, sumangga kita introspeksi dhiri. Kita awasi lan amati manah kita.

Bilih kita nglampahaken shalat gangsal wekdal piyambakan, kita mboten ngelampahi shalat sunnah rawatib, nanging bilih kita shalat berjamaah ing masjid, kita ngelampahi shalat sunnah rawatib. Kita tangleti dhiri kita, kenging punapa kita nglampahaken punika?

Bacaan Lainnya

Bilih kita nglampahaken shalat piyambakan, kita rampungaken cepet-cepetan lan namung nglampahaken rukun-rukunipun mawon, dene bilih wonten ing tengah-tengah kathah tiyang kita perpanjang shalat kita, kita usaha kangge ndugikaken raos khusyu’ lan kita baguskan shalat kita, mila tangleti dhiri kita, kenging punapa kita nglampahaken punika?

Punapa kita ngajeng-ajeng pujian sesami manungsa? Punapa kita supados dipunhormati dening tiyang lintu? Punapa lampahan punika langkung kita remeni tinimbang Ridha Allah ta’ala? Padahal sadayaning manungsa inggih punika makhluk-makhluk ciptaan Allah sami kados kita. Manungsa mboten saged ndamel manfaat utawi mudlarat.

Piyambakipun sedaya mboten saged maringi manfaat dhateng kita utawi mencelakai kita kecuali atas kehendak allah. Kenging punapa kita milih dicela dening Allah supados dipuji dening sesami manungsa? Pujian manungsa dhateng kita mboten nambah rezeki, mboten menunda ajal lan mboten manfaat kangge kita lebet gesang ing akhirat. Pramila, obati manah kita saking penyakit riya.

Kita dadosaken Ridha Allah Sang Pencipta kesaenan lan keburukan dados tujuwan kita. Kita ikhlaskan niat keranten Allah lan sampun kita nggubris (pedulikan) punapa tiyang mencela utawi muji kita. Estu kesaenan sedayanipun wonten ing Ridha Allah Subhanahu wa ta’ala.

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait