Materi Khutbah Jumat PDF: Ketika Tangis Nabi Muhammad Mengguncang Arsy (B. Jawa)

Ilustrasi Nabi Muhammad SAW
Ilustrasi Nabi Muhammad SAW

Kenging menopo sanes Allah langsung ingkang tanglet dhateng kekasih-ipun? Kenging menopo kedah lewat Jibril? Menopo hikmahipun?

Allah badhe nuduhaken dhateng Jibril, sedaya malaikat, jin, manungsa bahkan dhateng sedaya makhluk bilih Muhammad inggih meniko “kekasihipun Allah”.

Bacaan Lainnya

Mila lajeng Malaikat Jibril mandhap manggihi Kanjeng Nabi Muhammad lan matur: “Yaa Habiballah. Saestunipun Allah pengeran panjenengan ngintun salam dhateng panjenengan lan nangletaken menopo ingkang ndamel panjenengan nangis?”

Kanjeng Nabi Muhammad lajeng mangsuli:

“Wahai Jibril, ingkang ndamel aku nangis, aku kelingan ucapan terakhir dulurku ‘Isa Ibnu Maryam (Nabi ‘Isa As) saderengipun diangkat dening Allah Swt ingkang wonten lebeting al Qur’an surah Al Maidah Ayat 118

إِنْ تُعَذِّبْهُمْ فَإِنَّهُمْ عِبَادُكَ ۖ وَإِنْ تَغْفِرْ لَهُمْ فَإِنَّكَ أَنْتَ الْعَزِيزُ الْحَكِيمُ

“Bilih penjenengan nyiksa piyambakipun sedaya, mila saestunipun piyambakipun sedaya inggih meniko kawulo-kawulo nipun jenengan, lan bilih jenengan mengampuni piyambakipun sedaya, saestunipun engkaulah ingkang maha perkasa, maha bijaksana”.

Wahai Jibril, kaliyan ngucap ‘Isa meniko nandhakaken bilih Nabi Isa lepas tangan dhateng urusan ummat-ipun, mboten purun tanggung jawab malih, sedaya urusan ummat-ipun sampun dipun pasrahaken dhateng Allah. Menopo Allah badhe nyiksa utawi paring pangapuro.

Nanging aku wahai Jibril, saestunipun mboten purun pisahan kaliyan umatku ing donya meniko menawi mboten wonten jaminan kawilujengan damel umatku saking Allah”.

Jamaah shalat jumat rahimakumullah,

Atas piwangsulan Nabi Muhammad kasebat, pungkasanipun malaikat Jibril wangsul lan lapor dhateng Allah terkait pepanggihanipun kaliyan habibullah Muhammad, padahal Allah langkung sumerep menopo sejatosipun ingkang dipun alami kanjeng Nabi Muhammad SAW.

Lajeng Jibril dipunutus mandhap wangsul lan mbekta setunggal surah lebeting al qur’an inggih meniko surah ad Dhuhaa. Sasampunipun Jibril bibar maos surah meniko, lajeng Jibril mengulang-ulang ayat 5

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait