Khutbah Jumat Sambut Maulid Nabi: Suka Cita Menyambut Bulan Rabiul Awal (B. Jawa)

ilustrasi khutbah jumat
ilustrasi khutbah jumat

‏ يَا عَائِشَةُ أَفَلاَ أَكُونُ عَبْدًا شَكُورًا ‏:‏ فَقَالَ

Rasulallah SAW ngendikan: Wahai ‘Aisyah, opo aku gak oleh dadi hamba sing bersyukur?

Bacaan Lainnya

Hadirin Rahimakumullah..

Terkait poso sunnah, salah setunggal ingkang saget kito latih inggih meniko biasaaken poso Senin lan Kamis. Wonten salah setunggalpun Hadis Hasan Riwayat Tirmidzi, Abu Hurairah RA matur bilih Rasuallah negendikan:

تُعْرَضُ الأَعْمَالُ يَوْمَ الاِثْنَيْنِ وَالْخَمِيسِ فَأُحِبُّ أَنْ يُعْرَضَ عَمَلِي وَأَنَا صَائِمٌ

Rasulallah SAW negndikan: Amal-amal menungso diajukan marang Allah setiap dino Senin lan Kamis. Mongko aku seneng yen amalanku diajukan pas lagi poso.

Hadirin Rahimakumullah..

Tentu tasek katah ibadah-ibadah sunnah ingkang sampun diajarakan Rasulallah SAW marang kito sedoyo. Mugi-mugi ibadah kito saget nyontoh beliau saking berbagai sisi kehidupan sehinggo kito sedoyo dados pribadi ingkang langkung sae.

Sebagai tiang muslim, paling mboten kito saget neladani akhlak Rasulallah SAW. Wonten ing hadist shohih diriwayateken Abu Hurairah ingkang didalaken Bukhari wonten ing Adabul Mufrad, Rasulullah SAW ngendikan:

 إِنَّمَا بُعِثْتُ لِأُتَمِّمَ صَالِحَ الأَخْلاقِ

Artinya: Sak temene aku diutus kanggo nyempurnakne kemuliaan akhlaq.

Akhlak Rasulallah ingkang pripun? ‘Aisyah maringi penjelasan:

كَانَ خُلُقُهُ الْقُرْآنَ

“Akhlaq Rasulullah SAW yoiku podo karo sing ono nang Al-Qur’an.”

Akhiripun, mugi-mugi Sasi Rabiul Awwal utawi Sasi kelahiran Nabi Muhammad SAW meniko saget memacu semangat kito supados nyontoh sedoyo Akhlakipun Rasulallah SW. Amiin..

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait