Khutbah Jumat Pendek PDF: Tiga Waktu Terkabulnya Doa di Bulan Ramadhan (B. Jawa)

Berdoa di Bulan Ramadhan
Berdoa di Bulan Ramadhan

Tigang wekdal ingkang paling utami dipunkabulaken donga ing sasi Ramadhan inggih punika:

1. Wekdal sahur

Bacaan Lainnya

Saking Abu Hurairah Radhiyallahu ‘anhu, Nabi Saw bersabda,

 يَنْزِلُ رَبُّنَا تَبَارَكَ وَتَعَالَى كُلَّ لَيْلَةٍ إِلَى السَّمَاءِ الدُّنْيَا حِينَ يَبْقَى ثُلُثُ اللَّيْلِ الآخِرُ يَقُولُ مَنْ يَدْعُونِى فَأَسْتَجِيبَ لَهُ مَنْ يَسْأَلُنِى فَأُعْطِيَهُ مَنْ يَسْتَغْفِرُنِى فَأَغْفِرَ لَهُ

“Pengeran kita tabaraka wa ta’ala mudhun menyang langit donya nalika siso sapretelon wengi pungkasan. Banjur Allah ngendikan, ‘sapa wae kang ndungo marang aku, mula bakal tak ijabahi. Sapa kang nyuwun marang Aku, mula bakal aku awehi. Sapa kang nyuwun ampunan karo aku, mula bakal tak ampuni.” (HR. Bukhari, no. 1145 lan Muslim, no. 758)

2. Wekdal siyam

Saking Abu Hurairah Radhiyallahu ‘anhu, Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam bersabda,

 ثَلاَثَةٌ لاَ تُرَدُّ دَعْوَتُهُمُ الصَّائِمُ حَتَّى يُفْطِرَ وَالإِمَامُ الْعَادِلُ وَدَعْوَةُ الْمَظْلُومِ

“Telung wong kang do’ane ora tertolak: wong kang siyam tekan dheweke berbuka, panggedhe kang adil, lan do’a wong kang dizalimi”. (HR. Ahmad)

Imam Nawawi Rahimahullah wicanten, “dipunsunnahaken tiyang ingkang siyam kangge ngatah-ngatahi do’a demi urusan akhirat lan dunyanipun, ugi piyambakipun angsal berdo’a kangge hajat ingkang piyambakipun kajengi, kados punika ugi sampun nyupekaken do’a kesaenan kangge kaum muslimin kaliyan umum.” (al-Majmu’, 6: 273)

3. Wekdal Nalika Buko Poso

Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam bersabda,

 ثَلاَثَةٌ لاَ تُرَدُّ دَعْوَتُهُمُ الإِمَامُ الْعَادِلُ وَالصَّائِمُ حِينَ يُفْطِرُ وَدَعْوَةُ الْمَظْلُومِ

“Telung wong kang do’ane ora bakal ditolak: (1) Pemimpinan kang adil, (2) wong kang siyam tekan dheweke buka, (3) do’a wong kang dizalimi”. (HR. Tirmidzi)

Lebet Tuhfah al-Ahwadzi (7: 278) dipunsebataken menawi kenging punapa do’a gampil dipunkabulaken kala bikak siyam? Amargi wekdal punika, tiyang ingkang siyam sampun ngrampungaken ibadahipun lebet kawontenan tunduk lan ngandhapaken dhiri.

Hadirin ma’asyiral muslimin rahimakumullah..

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait