Khutbah Jumat NU PDF Terbaru: Mengisi Rebo Wekasan Dengan Amal Kebaikan (B. Jawa)

Ilustrasi Rebo Wekasan
Ilustrasi Rebo Wekasan

KHUTBAH JUMAT PERTAMA

الْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ، وَبِهِ نَسْتَعِيْنُ عَلَى أُمُوْرِ الدُّنْيَا وَالدِّيْنِ، وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلَى أَشْرَفِ اْلأَنْبِيَاءِ وَالْمُرْسَلِيْنَ، نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَعَلَى اٰلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَالتَّابِعِيْنَ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلىَ يَوْمِ الدِّيْنِ، أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا الله وَحْدَه لَاشَرِيْكَ لَهُ الْمَلِكُ الْحَقُّ اْلمُبِيْن. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَـمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ صادِقُ الْوَعْدِ اْلأَمِيْن. أَمَّا بَعْدُ فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ. اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. فَقَالَ اللهُ تَعَالَى: يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا قُوْٓا اَنْفُسَكُمْ وَاَهْلِيْكُمْ نَارًا وَّقُوْدُهَا النَّاسُ وَالْحِجَارَةُ عَلَيْهَا مَلٰۤىِٕكَةٌ غِلَاظٌ شِدَادٌ لَّا يَعْصُوْنَ اللّٰهَ مَآ اَمَرَهُمْ وَيَفْعَلُوْنَ مَا يُؤْمَرُوْنَ

Maasyiral Muslimin rahimakumullah

Bacaan Lainnya

Puji lan syukur sumangga kita haturaken wonten ngarso dalem Allah SWT ingkang sampun paring kesempatan lan kesarasan dhateng kita sedoyo. Wasiat khutbah, sumonggo sareng-sareng kito sedoyo supados ningkataken sekaligus mertahanaken raos Iman lan takwa dhateng Allah SWT. Keranten namung Iman lan Takwa gesang kito badhe bingah donyo lan akhirat.

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah

Sasi sapar inggih puniko salah satunggaling sasi lebeting kalender Islam ingkang sering dipunanggep kaliyan pinten-pinten mitos lan kepitadosan. Sasi puniko asring dipunanggep dados sasi ingkang mboten sae utawi dipun hindari dening sebagian masyarakat. Salah setunggal ingkang sampun dados adat inggih puniko bab rebo wekasan.

Pangertosan rebo wekasan inggih puniko tradisi ingkang dipunlampahaken saben dinten rebo pungkasan ing sasi sapar lebeting kalender Islam utawi kalender hijriah. Tradisi puniko dipunlampahaken dening saperangan masyarakat indonesia, utaminipun masyarakat jawi.

Awal mula tradisi rebo wekasan asalipun saking keyakinan masyarakat nusantara ingkang nganggep menawi sasi sapar inggih puniko sasi ingkang kebak kaliyan kesialan.

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait