Khutbah Jumat NU PDF Terbaru: Mengisi Rebo Wekasan Dengan Amal Kebaikan (B. Jawa)

Ilustrasi Rebo Wekasan
Ilustrasi Rebo Wekasan

 وَيَجُوْزُ كَوْنُ ذِكْرِ الْأَرْبِعَاءِ نَحْسٌ عَلَى طَرِيْقِ التَّخْوِيْفِ وَالتَّحْذِيْرِ أَيِ احْذَرُوْا ذَلِكَ الْيَوْمَ لِمَا نَزَلَ فِيْهِ مِنَ الْعَذَابِ وَكَانَ فِيْهِ مِنَ الْهَلَاكِ وَجَدِّدُوْا للهِ تَوْبَةً خَوْفًا أَنْ يَلْحَقَكُمْ فِيْهِ بُؤْسٌ كَمَا وَقَعَ لِمَنْ قَبْلَكُمْ

Artosipun: “Dipunkengingaken nyebat dinten rebo dados “dinten sial” kaliyan tujuwan kangge ngajrih-ngajrihi lan paring peringatan. Artosipun, waspadalah kaliyan dinten kasebat amargi sampun mandhap azab lan kehancuran ing lebetipun. Dandosi taubat dhateng Allah, supados mboten kenging musibah kados ingkang ndhawahi tiyang-tiyang sakderenge kito sedoyo. “

Bacaan Lainnya

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah

Salah setunggal amalan ingkang saged dipunlampahaken ing dinten rebo wekasan inggih puniko pertami, ndonga dhateng Allah.

Sejatosipun, sasi sapar dipunanjuraken kangge ngatah-ngatahi donga. Lebet hadits dipunsebataken menawi lebeting sasi sapar donga badhe dipunkabulaken dening Allah.

Kaping kalih, maos istighfar. Istighfar inggih puniko nyuwun ngapunten dhateng Allah Swt atas sedoyo dosa lan kelepatan ingkang sampun kita lampahaken. Istighfar dipunanjuraken sanget kangge dipunlampahaken dening saben muslim. Lebeting al-Qur’an lebet serat Hud [ 11 ] ayat 90:

 وَاسْتَغْفِرُوا رَبَّكُمْ ثُمَّ تُوبُوا إِلَيْهِ إِنَّ رَبِّي رَحِيمٌ وَوَدُودٌ

Artosipun: “Nyuwun pangapuro marang pengeranmu banjur taubato siro. Sabenere pengeranku maha welas asih lan maha nresnani.”

Hadits Nabi Muhammad Saw ingkang diriwayatkan dening Abu Hurairah ra:

 مَنْ أَكْثَرَ الِاسْتِغْفَارَ جَعَلَ اللَّهُ لَهُ مِنْ كُلِّ ضِيقٍ مَخْرَجًا وَمِنْ كُلِّ هَمٍّ فَرَجًا وَرَزَقَهُ مِنْ حَيْثُ لَا يَحْتَسِبُ

Artosipun : “Barang sapa kang ngakehi istighfar, niscaya allah arep menehake dalan metu nggo saben kesedihane, kelapangan kanggo saben kesempitane lan menehi rezeki saka arah kang ora disangka-sangka.” (HR. Ahmad).

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah

Kaping tigo, maos al-qur’an. Al-qur’an inggih puniko kitab suci umat Islam ingkang dipunandhapaken dhateng Nabi Muhammad SAW dados pedoman gesang. Maos al-Qur’an inggih puniko salah setunggal ibadah ingkang dipunanjuraken sanget lebet Islam.

Wonten kathah sanget keutamaan lan pahala ingkang ageng kangge tiyang ingkang maos Al-qur’an. Lan angsal pahala ingkang cekap ageng kangge tiyang ingkang maosipun.

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait