KHUTBAH I
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ جَعَلَ الْأَيَّامَ وَالشُّهُوْرَ مَوَاقاقِيْتَ لِلْعِبَادَةِ، وَفَضَّلَ بَعْضَهَا عَلٰى بَعْضٍ حِكْمَةً مِنْهُ وَرَحْمَةً، أَحْمَدُهُ تَعَالٰى وَأَشْكُرُهُ وَأَتُوْبُ إِلَيْهِ وَأَسْتَغْفِرُهُ. وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، اللّهُمَّ صَلِّ و سَلِّمْ وَبارِكْ عَلَى سَيِّدِنا مُحَمّدٍ وَعَلَى الِه وَأصْحابِهِ وَالتَّابِعينَ بِإحْسانِ إلَى يَوْمِ الدِّين،
أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا النَّاسُ، أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ الْمُقَصِّرَ أَوَّلًا بِتَقْوَى اللّٰهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ، قَالَ اللّٰهُ تَعَالٰى: يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللّٰهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. (آل عمران: ١٠٢)
Jamaah Jum’at rahimakumullāh
Ing wekdal Jum’at ingkang mulya menika, kula ngajak panjenengan sedaya ngupadosa nambah iman saha taqwa dhateng Allah SWT. Iman saha taqwa punika saged dipun buktèkaken kanthi nindakaken sedaya dhawuh lan nyingkiri sedaya ingkang dilarang Allah SWT.
Awit saking menika, kedah kita éling bebarengan bilih namung mawi iman saha taqwa kita saged slamet wonten ing donya saha akhirat.
Jamaah Jum’at rahimakumullāh
Sapunika kita sampun wonten ing pungkasan wulan Ṣafar, inggih punika wulan kaping kalih wonten ing penanggalan hijriah. Ing antawisipun masyarakat, taksih wonten ingkang kagungan kapitadosan ingkang klentu, bilih wulan Ṣafar punika wulan apes, wulan tumurunipun bala, wulan kathah penyakit, malah wonten ugi ingkang pitados bilih boten prayogi kangge tindak lelampahan utawi mantenan ing wulan punika.
Saktemenipun, punika namung sisa-sisa kepercayaan jahiliyyah ingkang mboten cocok kaliyan ajaran Islam. Kanjeng Nabi Muhammad ﷺ kanthi cetha sampun mbantah kapitadosan menika. Ing hadits sahih dipun sebat:
لَا عَدْوَى وَلَا طِيَرَةَ وَلَا هَامَةَ وَلَا صَفَرَ. (رواه البخاري ومسلم)
Artosipun: “Ora ana penyakit nular sing iso nyebar dewe tanpa idin Allah, ora ana kesialan merga manuk hantu, lan ora ana kesialan ing wulan Ṣafar.” (HR. Bukhari & Muslim).
Hadits punika minangka deklarasi bilih Islam rawuh kanggé ngilangi tahayul, syirik alit, lan kapitadosan ingkang ngrusak tauhid.
Hadirin ingkang dipun mulyaaken Allah
Kapitadosan bilih wulan Ṣafar punika wulan apes minangka kalepatan ageng. Allah ﷻ sampun mastani wonten ing Al-Qur’an bilih sedaya perkawis ing bumi punika sampun katetepaken déning Panjenenganipun:
مَا أَصَابَ مِنْ مُصِيْبَةٍ فِي الْأَرْضِ وَلَا فِيْ أَنْفُسِكُمْ إِلَّا فِيْ كِتَابٍ مِنْ قَبْلِ أَنْ نَبْرَأَهَا ۚ إِنَّ ذٰلِكَ عَلَى اللّٰهِ يَسِيْرٌ. (الحديد: ٢٢)
Artosipun: “Ora ana musibah sing nimbali ing bumi lan ing awakmu dhewe, kejaba iku wis kacathet ana ing Kitab (Lauh Mahfuzh) sakdurunge digawé. Temenan iku gampang tumrap Allah.” (QS. Al-Hadid: 22).
Ayat punika negesaken bilih boten wonten dinten apes, boten wonten wulan apes, sedaya kajadian punika sampun kersanipun Allah. Menawi saé punika rahmat, menawi awon punika ujian ingkang nggawa hikmah.
Ma’asyiral Muslimin
Kanjeng Nabi ﷺ malah mulangaken bilih saben dinten, saben wulan, punika ladang amal. Aja nganti kita kélangan wektu amargi mitos. Pungkasan wulan Ṣafar punika prayogi kita isi kanthi amal shalih: nambah dzikir lan istighfar, maos Al-Qur’an, nguataken silaturrahim, kathah ndedonga, saha derma.
Kanjeng Nabi ﷺ ngendika:
مَنْ نَفَّسَ عَنْ مُؤْمِنٍ كُرْبَةً مِنْ كُرَبِ الدُّنْيَا نَفَّسَ اللّٰهُ عَنْهُ كُرْبَةً مِنْ كُرَبِ يَوْمِ الْقِيَامَةِ. (رواه مسلم)
Artosipun: “Sapa wae sing ngenthengake siji kesusahan wong mukmin ing donya, mesthi Allah bakal ngenthengake siji kesusahane ing dina kiamat.” (HR. Muslim).
Mila, tinimbang wedi marang bala ing wulan Ṣafar, prayogi kita mbukak lawang berkah kanthi amal kabecikan.
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullāh
Kagem nutup khutbah punika, ayo kita nguataken manah bilih boten wonten dinten apes, boten wonten wulan apes, sedaya punika wonten ing ngandhap kekuasaan Allah. Ingkang nggawa cilaka punika dosadosa kita piyambak. Allah ﷻ ngendika:
وَمَا أَصَابَكُمْ مِنْ مُصِيْبَةٍ فَبِمَا كَسَبَتْ أَيْدِيْكُمْ وَيَعْفُو عَنْ كَثِيْرٍ. (الشورى: ٣٠)
Artosipun: “Lan musibah apa wae sing nyandhang siro iku jalaran saka tumindak tanganmu dhewe. Lan Allah ngapura akeh (kesalahanmu).” (QS. Asy-Syura: 30).
Mila, menawi kersa selamet saking bala, dudu kanthi wedi dhateng wulan Ṣafar, nanging kanthi tobat, mbenerake awake dhewe, lan nambah amal shalih. Kanjeng Nabi ﷺ ngendika:
اِسْتَكْثِرُوا مِنَ الْمَعْرُوْفِ فَإِنَّهُ تَدْفَعُ مَصَارِعَ السُّوْءِ. (رواه الطبراني)
Artosipun: “Akehna amal kabecikan, amarga saktemene kabecikan kuwi bisa nundhung keburukan lan bala.” (HR. Thabrani).
Ingkang kedah kita mangertosi bebarengan inggih punika hukum sebab akibat. Nabi Adam diturunaken dhateng bumi amargi nglanggar dhawuh Allah. Iblis dipun laknat mlebet neraka amargi sombong. Ugi mekaten kita, kita bakal cilaka amargi lampah kita boten sae. Kosok baline, kita bakal pinaringan begja amargi nglaksanani kathah amal shalih.
Mugi-mugi kita sedaya dados tiyang ingkang pinaringan kabegjan donya lan akhirat. Āmīn.
بَارَكَ الله لِي وَلَكُمْ بِاْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَةِ وَذِكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا فَأَسْتَغْفِرُ اللهَ العَظِيْمَ، إِنَّهُ هُوَ الغَفُوْرُ الرَّحِيْم
KHUTBAH II
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللّٰهُ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنْ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لَا نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ المُجَاهِدِيْنَ الطَّاهِرِيْنَ.
أَمَّا بَعْدُ، فَيَا آيُّهَا الحَاضِرُوْنَ، أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللّٰهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ، وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى.
فَقَدْ قَالَ اللّٰهُ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ أَعُوْذُ بِاللّٰهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ، بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ: وَالْعَصْرِ. إِنَّ الْإِنْسَانَ لَفِي خُسْرٍ. إِلَّا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْر
إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا. اللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، فِيْ الْعَالَمِيْنَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْد
اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ. اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ.
رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَاإنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ
عِبَادَ اللّٰهِ، إِنَّ اللّٰهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتاءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ، وَاذْكُرُوا اللّٰهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللّٰهِ أَكْبَرْ
Silahkan bergabung dengan kami di Grup Telegram, Wa, atau Facebook untuk mendapatkan materi terbaru dari KHUTBAHSINGKAT.com Klik GABUNG SEKARANG Wa.0812-4436-5554