Teks Khutbah Idul Fitri Terbaru PDF: Mengetuk Pintu Surga (Bahasa Jawa)

teks Khutbah idul Fitri terbaru
Ilustrasi Pintu Surga

MUKADDIMAH KHUTBAH IDUL FITRI

اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ

اَللهُ أَكْبَرْ كَبِيْرًا وَالْحَمْدُ للهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلاً، لَاإِلهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ، صَدَقَ وَعْدَهُ وَنَصَرَ عَبْدَهُ وَأَعَزَّ جُنْدَهُ وَهَزَمَ الْأَحْزَابَ وَحْدَهُ، لاَإِلهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ، اَللهُ أَكْبَرُ وَللهِ اْلحَمْدُ

Bacaan Lainnya

الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ. أَشْهَدُ أَن لاَّ إِلَهَ إِلاَّ الله وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ اللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ، وَعَلَى أٰلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ وَالاَهُ أَمَّابَعْدُ؛

فَيَآ أَيُّهَا النَّاسُ، اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تَقْوَاهُ كَمَا قَالَ تَعَالَى: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ.  وَاعْلَمُوْا أَنَّ يَوْمَكُمْ هٰذَا يَوْمٌ عَظِيْمٌ، وَعِيْدٌ كَرِيْمٌ، أَحَلَّ اللهُ لَكُمْ فِيْهِ الطَّعَامَ، وَحَرَّمَ عَلَيْكُمْ فِيْهِ الصِّيَامَ، فَهُوَ يَوْمُ تَسْبِيْحٍ وَتَحْمِيْدٍ وَتَهْلِيْلٍ وَتَعْظِيْمٍ ، فَسَبِّحُوْا رَبَّكُمْ فِيْهِ وَعَظِّمُوْهُ وَتُوْبُوْا إِلَى اللهِ وَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هو الْغَفُوْرُ الرَّحِيمُ.  اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ وَللهِ الحَمْدُ

Ma’asyiral Muslimin, Jamaah Sholat Idul Fitri ingkang dipunberkahi Allah SWT

Gesang ing donya punika sajatinipun minangka satunggaling ujian. Boten wonten satunggaling tiyang ingkang gesang kajawi mesthi dipun uji dening Allah SWT. Malah para nabi lan utusanipun Allah ugi boten uwal saking ujian.

Wiwit saking kita lair wonten ing donya punika, kita sampun dipunadhepi kanthi maneka warna ujian. Nalika badhe mlebet sekolah wonten ujian, saben munggah kelas ugi wonten ujian, malah nalika badhe lulus ugi wonten ujian. Nalika badhe nglamar pakaryan kita dipun uji, lan nalika badhe nampi promosi jabatan ugi mesthi wonten seleksi ujian.

Mekaten ugi gesang ing donya punika, sajatinipun minangka papan ujian, ing pundi papan kelulusannipun wonten ing gesang akhirat ing tembe, inggih punika swarga utawi neraka, kabagyan utawi kasangsaran salawas-lawase. Allah ngendika wonten ing wiwitan Surat al-Mulk:

تَبَارَكَ الَّذِي بِيَدِهِ الْمُلْكُ وَهُوَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيرٌ# الَّذِي خَلَقَ الْمَوْتَ وَالْحَيَاةَ لِيَبْلُوَكُمْ أَيُّكُمْ أَحْسَنُ عَمَلًا وَهُوَ الْعَزِيزُ الْغَفُورُ

“Maha Suci Allah sing ana ing tangan-Nya kabeh kerajaan, lan Panjenengane Kuwasa marang kabeh perkara. Panjenengane sing nggawe pati lan urip kanggo nyoba kowe kabeh, sapa ing antaramu sing paling apik amalé. Lan Panjenengane Maha Perkasa maneh Maha Pangapura.”

Ujian ingkang dipunadani dening manungsa mesthi sanget benten kaliyan ujian ingkang dipunadani dening Allah SWT. Ujian wonten ing sekolah utawi donya pakaryan sipatipun rahasia. Boten namung wangsulanipun kemawon ingkang rahasia, malah pitakenipun ugi rahasia.

Sanget benten kaliyan ujian mlebet swarga. Boten namung pitakenipun kemawon, malah kunci wangsulanipun ugi sampun dipun terangaken dening Allah lan sampun dados rahasia umum. Mila saestu bodho menawi kita boten saged lulus mlebet swarga.

Lan kunci mlebet swarga punika inggih kalimah la ilaha illa Allah. Punika kalimat tauhid, inggih punika kalimat pambeda antawisipun Muslim lan non-Muslim, kalimat ingkang nemtokaken kabagyan ing swarga utawi kasangsaran ing neraka.

Nabi SAW sampun dhawuh:

إِنَّ اللَّهَ حَرَّمَ عَلَى النَّارِ مَنْ قَالَ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللَّهُ يَبْتَغِي بِذَٰلِكَ وَجْهَ اللَّهِ

“Temenan Allah nglarang neraka marang wong sing ngucap la ilaha illa Allah kanthi ikhlas amarga ngarep-arep ridha Allah.”

Kalimat tauhid ing nginggil mesthi boten namung dipunucapaken kemawon, nanging kedah dipun yakini kanthi temen wonten ing manah bilih boten wonten sesembahan ingkang pantes dipun sembah kajawi Allah SWT. Kapitadosan punika ugi kedah dipun buktekaken kanthi pengabdian lan penghambaan dhiri dhumateng Allah kanthi maneka warna ibadah.

Hadirin ingkang dipun mulyaaken Allah

Saben wulan Ramadan, kita tansah mireng malah sampun apal hadis Rasulullah SAW ingkang tegesipun: “Nalika mlebet wulan Ramadan, para setan dipun belenggu, lawang-lawang swarga dipun bukak, lan lawang-lawang neraka dipun tutup.” (HR Bukhari lan Muslim).

Pancen mekaten kaagungan wulan Ramadan, ing pundi setan-setan dipun belenggu, lawang swarga dipun bukak, lan lawang neraka dipun tutup. Nanging hadis punika boten trep menawi dipun tegesi sacara tekstual. Kangge mangertosi kedah ngertos makna majazi.

Setan dipun belenggu ing wulan Ramadan boten ateges setan boten badhe nggoda manungsa kangge nindakaken dosa. Buktinipun nalika puasa taksih kathah tiyang ingkang boten shalat lan batal puasane amargi boten kuat nahan lapar lajeng tindak golek panganan.

Kanthi makna majazi, setan dipun belenggu tegesipun umat Muslim ingkang nindakaken ibadah puasa dipun paringi kemampuan langkung dening Allah supados boten manut bisikanipun setan.

Lajeng kados pundi tegesipun tembung lawang swarga dipun bukak lan lawang neraka dipun tutup?

Maksudipun lawang swarga dipun bukak amargi ing wulan puasa amal shaleh dipun lipat gandakaken pahalane, saengga kesempatan mlebet swarga dados langkung ageng. Dene lawang neraka dipun tutup tegesipun ing wulan puasa kesempatan kita nindakaken dosa langkung alit tinimbang wulan-wulan sanesipun.

Hadirin ingkang dipun mulyaaken Allah

Kalimat tauhid ingkang sampun kita gadhahi lan kita simpen wonten ing manah, saged kemawon boten saged kita ginakaken kangge mbukak lawang-lawang swarga. Punika amargi lawang swarga punika kunci saking njero.

Pramila kita kedah nuthuk lawang-lawang punika. Wonten satunggaling hadis ingkang ngemot amalan-amalan kangge nuthuk lawang-lawang swarga, inggih punika:

أَفْشُوا السَّلَامَ، وَأَطْعِمُوا الطَّعَامَ، وَصِلُوا الْأَرْحَامَ، وَصَلُّوا وَالنَّاسُ نِيَامٌ تَدْخُلُوا الْجَنَّةَ بِسَلَامٍ

“Sebarno salam, wenehno panganan, sambungno tali paseduluran, lan shalata nalika wong-wong padha turu, mesthi kowe bakal mlebu swarga kanthi tentrem.”

Piwulang punika dipun aturaken dening Nabi SAW nalika mlebet kutha Madinah. Ing hadis punika wonten sekawan amalan ingkang saged mbiyantu kita nuthuk lan mbukak lawang swarga.

Sepisan, nyebaraken salam. Salam miturut basa dipun mangertosi minangka ucapan, inggih punika assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh, lan punika kedah dados tradisi sae wonten ing gesang kita.

Salam ugi gadhah teges kaslametan lan katentreman. Saben Muslim ing pundi kemawon wontenipun dipun tuntut nyebaraken kaslametan lan katentreman, kanthi ucapan lan tumindak minangka wujud iman dhumateng Allah SWT. Boten pantes satunggaling Muslim nuwuhaken kerusuhan, karusakan, lan kehancuran tatanan gesang, awit punika saged dados alangan kangge mlebet swarga.

Kapindho, paring panganan. Salah satunggaling hikmah dipun wajibaken puasa Ramadan inggih supados kita saged ngrasakaken lapar lan ngelak. Nanging kathah tiyang ingkang lapar boten amargi puasa, nanging amargi ketiadaan.

Lan lapar ing ngriki boten namung ateges weteng kosong saking pangan lan unjukan, nanging ugi kosongipun akal saking ilmu. Mila kita boten namung dipun tuntun berbagi pangan minangka gizi badan, nanging ugi berbagi bantuan pendidikan minangka gizi jiwa tumrap ingkang mbutuhake.

Kaping tiga, nyambung silaturrahim utawi katresnan. Agama kita sanget nyaranaken silaturrahim amargi silaturrahim gadhah kathah manfaat: saged ndawakake umur lan nglancarke rezeki, dipun adohaken saking neraka, dados sarana nyedhaki Allah SWT, njagi kerukunan, lan ndadosaken kita makhluk ingkang mulya.

Mila momentum Idul Fitri punika sanget trep kangge kita manfaataken kangge silaturrahim dhumateng tiyang sepuh, kulawarga, sanak kadang, tanggi, mitra pakaryan, lan sedaya tiyang sanesipun.

Kaping sekawan, shalat wengi. Shalat sunnah ingkang ageng sanget pahalane inggih punika qiyamul lail. Mugi ritual shalat tarawih, shalat witir, lan tangi wengi kangge sahur ingkang sampun kita lampahi sewulan kepengker saged kita jaga lan kita lestantunaken wonten ing sewelas wulan ingkang badhe rawuh.

Kanthi mekaten tujuan dipun wajibaken puasa saged kasembadan, inggih punika kawujudan jiwa takwa lan lairipun jiwa-jiwa shalih ingkang remen nyebar kabecikan, kaslametan, lan katentreman, sarta jiwa ingkang peduli dhumateng kemiskinan lan ramah dhumateng lingkungan.

Hadirin ingkang dipun mulyaaken Allah

Mekaten khutbah cekak ing wekdal punika. Mugi dados manfaat kangge kita sedaya. Mugi Allah tansah nuntun kita wonten ing dalan ingkang lurus lan maringi kekiyatan dhumateng kita kangge istiqamah wonten ing dalan punika. Amin ya rabbal ‘alamiin.

أعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطنِ الرَّجِيْمِ. بِسْمِ اللهِ الرَّحْمنِ الرَّحِيمِ. وَسَارِعُوا إِلَىٰ مَغْفِرَةٍ مِّن رَّبِّكُمْ وَجَنَّةٍ عَرْضُهَا السَّمَاوَاتُ وَالْأَرْضُ أُعِدَّتْ لِلْمُتَّقِينَ. بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنِي وَاِيِّاكُمْ بما فيه مِنَ الآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. وَتَقَبَّلْ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاوَتَهُ اِنّهُ هُوَ السَّمِيْعُ اْلعَلِيْمُ.. فَاسْتَغْفِرُوْا اِنَّهُ هُوَ اْلغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ 

KHUTBAH IDUL FITRI KEDUA

 اللهُ اَكْبَرْ (٣×) اللهُ اَكْبَرْ (٤×) اللهُ اَكْبَرْ كبيرا وَاْلحَمْدُ للهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ الله بُكْرَةً وَ أَصْيْلاً لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَاللهُ اَكْبَرْ اللهُ اَكْبَرْ وَللهِ اْلحَمْدُ

اَلْحَمْدُ للهِ عَلىَ إِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى إلىَ رِضْوَانِهِ. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا   أَمَّا بَعْدُ

 فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا

اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ أَبِى بَكْرٍ وَعُمَر وَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ

اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيّن وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَأَعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتَن وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَإنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ.

عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ 

 

Download Khutbah Singkat PDF

Khutbah Bahasa Indonesia

Silahkan bergabung dengan kami di Grup Telegram, Wa, atau Facebook untuk mendapatkan materi terbaru dari KHUTBAHSINGKAT.com Klik JOIN NOW
PERHATIAN! Boleh copy paste konten Khutbahsingkat.com dengan syarat tetap mencantumkan nama penulis dan sumber naskah. Apabila publish ulang (reuploud) di website, agar menambahkan backlink.

Pos terkait