Khutbah Jumat PDF Spesial Maulid Nabi Bahasa Jawa: 5 Pelajaran Penting Atas Kenabian dan Kerasulan Muhammad SAW

Ilustrasi Maulid Nabi Muhammad SAW
Ilustrasi Maulid Nabi Muhammad SAW

Sepisan, kenabian Muhammad saw meniko dipun tetepaken sak derengipun Adam dipun ciptaaken dados manungso. Wonten riwayat lintu, Abu Hurairah ra nuturaken:

قَالُوْا يَارَسُوْلَ اللَّهِ مَتَى وَجَبَتْ لَكَ النُّبُوَّةُ, قَالَّ: وَآدَمُ بَيْنَ الرُّوْحِ وَالْجَسَدِ (رواه الترميذيُّ)

Bacaan Lainnya

Poro sohabat matur, “He Rosulalloh, kapan kenabian dipun tetepaken dateng panjenengan? Panjenenganipun mangsuli,”Iyo iku waktu Adam isik ono antarane ruh lan jasad.” (HR. Tirmidzi)

Kalih, nabi Muhammad saw meniko penutup poro nabi tuwin poro rosul. Dados mboten bade wonten nabi utawi rosul sak bibaripun kanjeng nabi. Dipun sebataken wonten al-Qur’an:

مَا كَانَ مُحَمَّدٌ اَبَآ اَحَدٍ مِّنْ رِّجَالِكُمْ وَلٰكِنْ رَّسُوْلَ اللّٰهِ وَخَاتَمَ النَّبِيّٖنَۗ وَكَانَ اللّٰهُ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيْمًا

Muhammad iku dudu bapak e wong lanang soko kalangan mu, balik dewekne iku Rasulalloh lan penutupe nabi-nabi. Alloh iku moho ngudaneni samubarang.” (QS. Al-Ahzab 40)

Setunggal hadits njelasaken:

عَنْ اَنَسِ بْنِ ماَلِكٍ قَالَ: قَالَ رَسُوْلُ اللهِ اِنَّ الرِّسَالَةَ وَالنُّبُوَّةَ قَدْ اِنْقَطَعَتْ فَلاَ رَسُوْلَ بَعْدِى وَلاَ نَبِيَّ. (رواه احمد)

“Saking Anas bin Malik, dewekne matur,“Rasululloh dawuh, Kerosulan lan kenabian wes terputus, ora ono maneh rosul lan nabi sakwise aku .” (HR. Ahmad)

Saking meniko, sinten kemawon engkang ngaku-ngaku dados nabi utawi rosul, tuwin sinten kemawon engkang percados bilih wonten nabi utawi rosul sak bibaripun kanjeng nabi, mongko meniko kobodohan tuwin kebohongan engkang ageng.

Ma’asyirol muslimin, hafidhokumulloh

Tigo, kenabian Muhammad saw meniko berkah doanipun nabi Ibrahim as. Allah swt berfirman:

رَبَّنَا وَابْعَثْ فِيْهِمْ رَسُوْلًا مِّنْهُمْ يَتْلُوْا عَلَيْهِمْ اٰيٰتِكَ وَيُعَلِّمُهُمُ الْكِتٰبَ وَالْحِكْمَةَ وَيُزَكِّيْهِمْ ۗ اِنَّكَ اَنْتَ الْعَزِيْزُ الْحَكِيْمُ ࣖ

Ya Robb kulo, kulo aturi ngutus kagem kaum rosul saking kalanganipun, engkang mocoaken al-Kitab (al-Qur’an) lan al-Hikamh (as-Sunnah) soho nuceaken mereka. Temen, panjenengan ingkang moho kuaos lan moho wicaksono.” (QS. Al-Baqarah 129)

Sekawan, kenabian soho kerosualan Muhammad saw sampun dipun kabaraken Isa bin Maryam as dateng kaumipun. Allah berfirman:

وَاِذْ قَالَ عِيْسَى ابْنُ مَرْيَمَ يٰبَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ اِنِّيْ رَسُوْلُ اللّٰهِ اِلَيْكُمْ مُّصَدِّقًا لِّمَا بَيْنَ يَدَيَّ مِنَ التَّوْرٰىةِ وَمُبَشِّرًاۢ بِرَسُوْلٍ يَّأْتِيْ مِنْۢ بَعْدِى اسْمُهٗٓ اَحْمَدُۗ

Lan ilingo, naliko Isa ibnu Maryam ngendiko.”He bani isroil, saktemene aku utusane Alloh marang awakmu, mbenerne kitab sak durungku, yo iku Taurot, lan aweh kabar gembira tekone rosul kang arep teko sakwes ku, kang jenenge Ahmad (Muhammad).” (QS. Ash-Shaff 6)

Alloh swt ngabulaken doanipun nabi Ibrohi as soho ngutus nabi lan rosul engkang anggadahi sifat-sifat kados ingkang dipun suwun wonten doanipun.

Gangsal, mimpi ibundanipun nabi Muhammad saw naliko ngelaheraken panjenenganipun. Ibundanipun mersani cahaya engkang medal saking dirinipun, hinggo saking cahaya meniko, piyambakipun saget mersani kanti welo-welo istana-istana Syam. Malahan, sebagian ulamo’ ndawuhaken bilih ibundanipun nabi saw meniko mersani cahaya kasebat kanti kowontenan melek.

Ma’asyirol muslimin, hafidhokumulloh

Baca halaman berikutnya..

Pos terkait