Materi Khutbah Jumat Bahasa Jawa Paling Singkat PDF Lengkap: Meningkatkan Taubat dan Istighfar

Materi Khutbah Jumat Bahasa Jawa
Ilustrasi Taubat

اِنَّ اللّٰهَ يُحِبُّ التَّوَّابِيْنَ وَيُحِبُّ الْمُتَطَهِّرِيْنَ

Artosipun: Saktemene Gusti Allah tresno marang wong kang akeh ngelakoni tobat lan wong kang  nyuciaken awake.

Bacaan Lainnya

Dawuh meniko nerangake keutamaane taubat kranten menungso nggadahi sifat luput lan khilaf, mboten kados Nabi ingkang nggadah sifat maksum, karekso saking penggawe duso.

Pramilo mboten saget diwastani bilih paling saene manungso puniko tiyang ingkang mboten nate nglampahi duso, kranten ingkang kados mekaten mboten mungkin terjadi wonten kalangan kito. Ananging paling saene menungso nggih meniko tiyang ingkang katah ngelampahi taubat lan istighfar. Kanjeng Nabi dawuh:

عن أنس بن مالك -رضي الله عنه- قال: قال رسول الله -صلى الله عليه وسلم-: «كلُّ بَنِي آدَمَ خَطَّاءٌ, وخيرُ الخَطَّائِينَ التَّوَّابُوْن (رواه الترمذي وابن ماجه والدارمي واحمد)

Artosipun: Saking Anas bi Malik, piyambake ngendiko, Kanjeng Nabi dawuh: Sekabehe anak Adam iku akeh keluputane, dene paling baguse wong kang podo ngelakoni keluputan iku wong kang podo akeh ngelakoni taubat lan moco istighfar  (HR. Tirmidzi, Ibnu Majah, Darimi, Ahmad)

Hadirin Ingkang Minulyo

Saking dawuh meniko monggo kito sami ngelampahi taubat saking sedoyo keluputan lan mboten nganggep enteng kaliyan perkawis ingkang nyebabaken duso, sinaoso sedanten menungso mboten saget selamet saking duso, ugi sinaoso gusti Allah sampun janji bade nampi taubate tiyang ingkang purun taubat. Amergi tiyang ingkang nganggep enteng dumateng duso puniko sanes kalebet tiyang mukmin sempurno, ananging kelebet tiyang munafik, “naudzu billah min dzalik”.

Ningali kawontenan menungso ingkang mboten lepat saking tumindak duso, monggo kito sami ngatah-ngatahake taubat lan maos istighfar. Ampon ngantos kito nilarake taubat kranten rumaos mboten nggadah duso, lan monggo kito tansah nderek tindak lampahe Kanjeng Nabi ingkang dados uswatun hasanah, ingkang estu remen ngelampahi taubat lan maos istighfar.

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait