Materi Khutbah Jumat Bahasa Jawa Paling Singkat PDF Lengkap: Meningkatkan Taubat dan Istighfar

Materi Khutbah Jumat Bahasa Jawa
Ilustrasi Taubat

Panjenenganipun Kanjeng Nabi minangkane setunggale menungso ingkang dipun jamin melbet suargo, dipun sepuro sedoyo keluputan lan dusone, Nabi kinasih, sinaoso mekaten, Kanjeng Nabi saben dinten ngelampahi taubat kaping 70 kados dipun dawuhake:

عَنْ أبِي هُرَيرَةَ رَضِيَ اللهُ عَنهُ قَالَ: سَمِعْتُ رَسُولَ اللهِ صَلَّى اللهُ عَلَيهِ وَسَلَّمَ يَقُولُ: وَاللهِ إَنِّي لَأَسْتَغْفِرُ اللهَ وَأَتُوبُ إِليهِ فِي اليَومِ أَكثَرَ مِنْ سَبعِينَ مَرَّةً (رَوَاهُ البُخَارِيُّ)

Bacaan Lainnya

Artosipun: Saking Abi Hurairoh Ra. Piyambake dawuh, ingsun krungu Kanjeng Nabi dawuh: Demi Allah, saktemene ingsun iku nyuwun ngapuro lan taubat marang Gusti Allah saben dinane luwih soko 70 ambalan (HR. Bukhari)

Pramilo, saking dawuh meniko, kanjeng Nabi ingkang maksum, kejogo saking duso mawon ningkatake taubat lan istighafar, nopo maleh kito ingkang mboten maksum lan sering ngelampahi duso. Lajeng kaping pinten pantese kito ngelampahi taubat lan istighfar saben dinten, menawi kanjeng Nabi piyambak nyontohi taubat 70 ambalan saben dinten?.

Hadirin, sejatinipun kito dados umatipun Kanjeng Nabi sagetipun ikhtiar, usaha ngatah-ngatahake istighfar lan taubat sak kongange, kranten saking usaha ngatahake taubat meniko, Gusti Allah bakal welas lan ngapuro duso kito, ugi dados umatipun Kanjeng Nabi ingkang nderek tindak lampahipun. Kejawi mekaten, Gusti Allah bakal gampangake sedoyo urusanipun tiyang ingkang ngelanggengake taubat lan istighfar. Kanjeng Nabi dawuh:

عَنْ عَبدِ اللهِ بْنِ عباسٍ -رضي الله عنهما- عَنِ النَّبي -صلى الله عليه وسلم- قال: مَنْ لَزِمَ الْاِسْتِغْفاَرَ جَعَلَ اللهُ لَهُ مِنْ كُلِّ ضِيْقٍ مَخْرَجًا، ومن كل هَمٍّ فرجًا، وَرَزَقَهُ مِنْ حَيْثُ لاَ يَحْتَسِبُ

Artosipun: Sopo wonge kang netepi istighfar, mongko Gusti Allah bakal maringi dalan metu soko saben-saben karupekan lan maringi tombo saking saben-saben kesusahan, serto Gusti Allah bakal maringi rejeki soko dalan kang ora di songko-songko.

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait